Gatekna tembang Gambuh ngisor iki!Sekar gambuh ping caturKang cinatur polah

Berikut ini adalah pertanyaan dari bintangtp798 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gatekna tembang Gambuh ngisor iki!Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
Kepriye gancarane tembang ing dhuwur? Cobajlentrehna!

pls jawab besok di kumpulkan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran :

➡️ Tembang gambuh kaping papat iki ngandharake babagan tindak-tanduke manungsa sing kebablasen, yen ora diwenehi pitutur bakal tansah nandhang cilaka, saya suwe bakal dadi kulina lan ora bisa dikendhaleni, wusanane ndadekake tumindak ala kang bisa ngrugekake manungsa dhewe.

Penjelasan

» Tembang gambuh lan tegese :

Sekar gambuh ping catur

  • (Tembang iki tembang sing kaping papat)

Kang cinatur polah kang kalantur

  • (Sing dadi omongan yaiku lakon kang keblabasen)

Tanpa tutur katula-tula katali

  • (Yen ora dikandani bakal tansah cilaka)

Kadaluwarsa katutuh

  • (Saya suwe dadi pakulinan)

Katutuh pan dadi awon

  • (Pakulinan kang ndadekake ala)

______________

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

>> Cara nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» Paugeran Gambuh :

  1. Guru gatra : 5 gatra.
  2. Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8.
  3. Guru lagu : u, u, i, u, o

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake tembang gambuh

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21