45. Setitekna geguritan ing ngisor iki, banjurRaden Ajeng KartiniSanajan panjenengan

Berikut ini adalah pertanyaan dari fairusmanda111 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

45. Setitekna geguritan ing ngisor iki, banjurRaden Ajeng Kartini
Sanajan panjenengan wanita
Nanging gelem rekasa
Sanajan dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakasa
Geguritan ing dhuwur gawenen parafrase utawa paragraf nganggo basa ngoko!
Wangsulan:​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Raden Ajeng Kartini iku senajan wanita, nanging dheweke gelem rekasa, senajan dipingit wong tuwa, nanging atine tetep mbela kanggo kaum wanita supaya aja nganti kalah prakasa karo kaum lanang.

Penjelasan

» Nggancarake geguritan yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • >> Cara nggancarake geguritan :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

  • >> Kang kudu digatekake menawa arep nggancarake geguritan :

1. Nyuda/nambahi tembang supaya luwih gampang dimangreteni.

2. Ukara kang nganggo basa kawi utawa jawa kuna kudu dijarwakake.

3. Tembung sandi utawa tembung garba kudu diudhari.

4. Ukara kang kaiket nganggo paugeran baliswara kudu diudhari.

5. Ngilangi/nambahi ater-ater, seselan, lan panambang.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 5 - Macapat

Kata Kunci : Nggancarake geguritan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 18 Jul 21