Paraga (tokoh) kang nindakake ayahan minangka panengah kanggo nentremake swasana

Berikut ini adalah pertanyaan dari jonathanwidersen2005 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Paraga (tokoh) kang nindakake ayahan minangka panengah kanggo nentremake swasana ing pamentasan drama diarani …. *A. antagonis
B. antigonis
C. protagonis
D. trigonis

tolong jawab pilihan ganda​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ D. Tritagonis.

Penjelasan

{Paraga ing Drama}

  1. Paraga utama → paraga kang dadi lajer utawa bakuning crita. (tokoh utama)
  2. Paraga protagonis → paraga kang tansah mbiyantu utawa sejalan karo paraga utama.
  3. Paraga antagonis → paraga kang tansah dadi reridhe lan pepalang paraga utama.
  4. Paraga tritagonis → paraga kang bisa nengahi antarane paraga utama lan paraga antagonis. ✔️
  5. Paraga bayangan → paraga kang mung ana ing narasi crita, nanging ora ana aktivitas kang diandharake dening penulis crita.

» Unsur intrinsik :

1. Tema : Bab kang dadi underaning (inti) ukara.

  • ✧ Tuladha : Sosial, pendidikan, politik, budy, kesehatan, perjuangan, lsp.

2. Alur / plot : Urutaning kedadeyan ing sajroning crita saka wiwitan tekan pungkasan.

Alur kaperang dadi 3, yaiku :

  1. Alur Maju → Alur kang nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan tekan pungkasan,
  2. Alur Mundur → Alur kang nyritakake kedadeyan wektu iki banjur ngandharake kedadeyan sing kepungkur / telah lalu, lan
  3. Alur Campuran → Alur kang nyritakake kedadeyan saka wiwitan tekan pungkasan ananging ana kalane ditarik mundur jalaran ana prakara kang durung rampung.

3. Penokohan : Wong sing dadi lakon / paraga ing sajroning crita, uga gambaran watak para paraga mau.

Watak kaperang dadi :

  1. watak antagonis (watak ala),
  2. watak protagonis (watak becik),
  3. watak tritagonis (penengah / pembantu tokoh protagonis / antagonis).

4. Latar / Setting : Ana gandhengane karo panggonan, wektu, lan kahanan / swasana ing sajroning crita.

5. Sudut pandang : Carana wong nganggit kan manggon ana ing crita mau.

Sudut pandang dibagi dadi 2, yaiku :

  1. Sudut pandang 1 (aku) lan
  2. Sudut pandang 3 (dheweke).

6. Amanat : Piweling (pesen) / piwulang kng becik saka pengarang kanggo wong sing maca crita mau.

7. Gaya Bahasa : Cara-cara manungsa migunakake basa, amrih (supaya) gampang ditampa, endah lan kapenak dirasakake lan dirungungokake.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang - Unsur intrinsik

Kata Kunci : Paraga tritagonis

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 11 Jul 21