ukara ing ngisor iki golekana jejer,wasesa,lesa,katrangane 1.wedhusku dipakani suket ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari supinmiharti pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ukara ing ngisor iki golekana jejer,wasesa,lesa,katrangane1.wedhusku dipakani suket ing kandhang
2.hartono ngumbulake layangan ing lapangan
3.adhik dikemuli slimut supaya ora kadhemen
4.anis diwenehi dhuwit supaya ora nangis
5.wingi sore aku tuku segoa goreng
6.esok mau mas hari numpak sepedha
7.hardi dipapag ibune jalaran mulihe isuk
8.hartini diparingi sangu jalaran durung sarapan
9.dwuhite dititipne mbakyune supaya ora ilang
10.budi nyilih buku wacan ing perpustakaan​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

. Wedhusku dipakani suket ing kandhang.

  • Wedhusku = Jejer
  • Dipakani = Wasesa
  • Suket = Lesan
  • Ing kandhang = Katrangan

. Hartono ngumbulake layangan ing lapangan.

  • Hartono = Jejer
  • Ngumbulake = Wasesa
  • Layangan = Lesan
  • Ing lapangan = Katrangan

. Adhik dikemuli slimut supaya ora kadhemen.

  • Adhik = Jejer
  • Dikemuli = Wasesa
  • Slimut = Lesan
  • Supaya ora kadhemen = Katrangan

. Anis diwenehi dhuwit supaya ora nangis.

  • Anis = Jejer
  • Diwenehi = Wasesa
  • Dhuwit = Lesan
  • Supaya ora nangis = Katrangan

. Wingi sore aku tuku sega goreng.

  • Wingi sore = Katrangan
  • Aku = Jejer
  • Tuku = Wasesa
  • Sega goreng = Lesan

. Esok mau Mas Hari numpak sepedha.

  • Esok mau = Katrangan
  • Mas Hari = Jejer
  • Numpak = Wasesa
  • Sepedha = Lesan

. Hardi dipapag ibuke jalaran mulihe isuk.

  • Hardi = Jejer
  • Dipapag = Wasesa
  • Ibuke = Lesan
  • Jalaran mulihe isuk = Katrangan

. Hartini diparingi sangu jalaran durung sarapan

  • Hartini = Jejer
  • Diparingi = Wasesa
  • Sangu = Lesan
  • Jalaran durung sarapan = Katrangan

. Dhuwite dititipne mbakyune supaya ora ilang.

  • Dhuwite = Jejer
  • Dititipne = Wasesa
  • Mbakyune = Lesan
  • Supaya ora ilang = Katrangan

. Budi nyilih buku wacan ing perpustakaan.

  • Budi = Jejer
  • Nyilih = Wasesa
  • Buku wacan = Lesan
  • Ing perpustakaan = Katrangan

Pembahasan

» Jejer

Yaiku tegese padha kaya subjek. Kang panggonane biasa ana ing ngarep dewene ukara. Nanging, jejer uga bisa ana ing tengah-tengah ukara. Jejer biasane awujud kata benda.

Tuladha :

  • Aku
  • Kucing
  • Sepatu
  • Kembangku
  • lsp.

» Wasesa

Yaiku tegese padha kaya predikat. Awujud kata kerja kang manggone ana ing sakwise jejer.

Tuladha :

  • Mangan
  • Diparingi
  • Njaluk
  • Mlayu
  • lsp.

» Lesan

Yaiku tegese padha kaya objek. Lesan yaiku sing dikenani pakaryan utawa kang dadi sasaran. Bisa awujud kata benda kaya jejer.

» Katrangan

Yaiku padha kaya keterangan. Umumé katrangan ana loro. Yaiku katrangan wektu lan katrangan panggonan. Bisa ana ing ngarepe ukara utawa mburi dewene ukara.

Tuladha katrangan wektu :

  • Esok mau
  • Wingi
  • Sore iki
  • Awan mau
  • lsp.

Tuladha katrangan panggonan :

  • Ing lapangan
  • Ing perpustakaan
  • Ing omah
  • Ing sekolah
  • lsp.

Tuladha ukara

➡️ Dewi mangan bubur ésuk mau.

  • Dewi = Jejer
  • Mangan = Wasesa
  • Bubur = Lesan
  • Ésuk mau = Katrangan wektu

➡️ Dewi mangan bubur ing warung.

  • Dewi = Jejer
  • Mangan = Wasesa
  • Bubur = Lesan
  • Ing warung = Katrangan panggonan

Detail Jawaban

  • Mapel : B. Daerah
  • Kelas : Vl SD
  • Materi : Ngudhal ukara
  • Kata kunci : Jejer, Wasesa, lesan, Katrangan
  • Kode soal : 13
  • Kode kategorisasi : -

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 13 May 21