Tembang kanggo pitakonan nomer 1-6. Upamane wong lumaku, Marga gawat den liwati, Lamun

Berikut ini adalah pertanyaan dari salsa6450 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tembang kanggo pitakonan nomer 1-6.Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarahan,
Sayekti karendhet ing ri,
Apase kesandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.

1. Tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang...
A. Kinanthi
B. Gambuh
C. Mijil
D. Maskumambang
E. Megatruh

2. "Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati" syair kasebut ateges...
A. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan
B. Yen kurang pangati-ati tiba
C. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
D. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
E. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing buri

3. "Lamun kurang ing pangarah," syair kasebut ateges...
A. Bakal entuk kacilakan ing dalan
B. Yen ora padha karo kawruh
C. Yen kurang pangati-ati
D. Ngupaya kasih lan pamrih
E. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe

4. Paugerane tembang kasebut yaiku...
A. 8i, 8a, 8i, 8a, 8i, 8u
B. 8u, 8i, 8a, 8a, 8a, 8u
C. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
D. 8a, 8a, 8i, 8o, 8e, 8o
E. 8a, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i

5. "Apese kesandhung *padhas*" Tegese tembung sing kachitak kandel ing syair kasebut yaiku...
A. Lemah sing atos saemper waktu
B. Oyod wit kang gedhe
C. Watu cilik-cilik
D. Wit pring kang rangkep
E. Debog gedhang

6. Wos suarane tembang kasebut yaiku...
A. Ngabekti marang wong tuwa kudu ditindakake
B. Wong kang slamet yaiku wong kang ora gawe serike liyan
C. Sanadyan kurang ngati-ati tetep bakal slamet
D. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban iku kudu sabar
E. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembe buri

7. Kinanti asale saka tembung "kanthi" kang duwe teges...
A. Nuntun
B. Lair
C. Nom
D. Manis
E. Mungkur

8. Paugeran tembang kinanthi ana cacah...
A. Telu
B. Loro
C. Papat
D. Lima
E. Enem

Tembang kanggo pitakonan nomor 9-12.

Kaunanging budi luhung,
Bangkit ajur-ajer kaki,
Yen mangkono bakal cilaka,
Thukul wijining utama,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.

9. Mitutur paugeran pupuh kinanthi, tembang kasebut ana sing ora trep. Cakepan tembang kasebut kang perlu disunting yaiku...
A. Bangkit ajur-ajer
B. Kaunanging budi pakarti
C. Thukul wijining utami
D. Nadyan bener kawruhe sira
E. Menawa ana sing nyulayani

10. Manut tembang kasebut, pitutur luhur kang bisa dijipuk kanggo urip ing jaman saiki yaiku...
A. Angkara murka iku kudu diedohi.
B. Menawa kekancan iku milih kanthi temen.
C. Aja seneng ngumbar murka ing ngendi papan.
D. Watak kang utama iku prasaja.
E. Luhuring budi bisa dadi lelandhesane kautaman.

11. "Yen ana kang nyulayani" gatra kasebut nduweni makna...
A. Menawa ana sing menehi ngreti
B. Menawa ana sing ora nyarujuki
C. Menawa ana sing nesu
D. Menawa ana sing mungsuhi
E. Menawa ora tau lali

12. Tembung "ajer" tegese...
A. Manut
B. Kanthi
C. Luluh
D. Aja
E. Umuk

Tembang kanggo pitakonan nomer 13-15.

Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.

13. "Rina wengi den anedya" gatra kasebut menawa digancarake yaiku...
A. Usaha iku dilakoni kanthi iklas
B. Prihatin kudu dilakoni
C. Awan wengi aja padha lali
D. Awan wengi kudu diniyati
E. Tumindaka kang titi lan ati-ati

14. Pitutur luhur jroning tembang kinanthi kadebut yaiku...
A. Ngajarake supaya manungsa iku kudu tansah bekti marang wonh tuwa
B. Ngajarake supaya manungsa iku kudu nglandhepake ati lan ngedohake hawa nepsu saka njero ati
C. Ngajarake supaya manungsa iku kudu tumindak sapenake dhewe
D. Ngajarake supaya manungsa iku kudu ngungkurake kadoyan lan menyingake ngibadahe
E. Ngajarake supaya manungsa iku kudu nduweni watak kang becik lan preduli marang liyan

15. Tembung ing tembang kasebut kang ancase nyeluk anak lanang yaiku...
A. Utami
B. Driya
C. Anedya
D. Den
E. Kulup

Tembang kanggo pitakonan nomer 16-20.

Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Lalandhepe mingis mingis,
Pesah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.

16. Guru lagu ing tembang macapat kasebut yaiku...
A. u, i, a, i, a, i
B. a, i, u, a, u, i
C. u, a, i, a, o, a
D. u, a, i, a, e, u
E. u, a, i a, u, e

17. Tembung "wukir" ing tembang kasebut ateges...
A. Bagaskara
B. Geni
C. Gunung
D. Maruta
E. Angin

18. "Pangasahe sepi samun" ukara kasebut menawa digancarake dadi...
A. Usaha iku dilakoni kanthi sepi
B. Prihatin kudu dilakoni
C. Awan wengi aja padha lali gladhi
D. Tapa ing papan sepi
E. Tumindaka kang titi lan ngati-ati

19. Nilai kang kakandhut ing tembang kasebut yaiku...
A. Relegius
B. Sosial
C. Adat
D. Moral
E. Kabudayan

20. Manut surasane tembang kasebut, wong kang landhep atine bakal nduweni...
A. Watak drengki srei
B. Tumindak kang nguciwakake
C. Tumindak kang ala
D. Tumindak kang kumlawung
E. Bebuden kang becik

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

no 4 C. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh misstini1982 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 25 Oct 22