Jadah utawa tetel iku panganan tradhisional Jawa Tengah. Jadah panganan

Berikut ini adalah pertanyaan dari IlhamGodGGgaming pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Jadah utawa tetel iku panganan tradhisional Jawa Tengah. Jadah panganan kang digawe saka beras ketan. Panganan iki racake digunakake kanggo nyamikan nalika ana hajat pangantenan, sunat utawa khitanan, Sedekah Bumi uga tedhak siten.Ing adicara mantu, jadah didadekake salah sijining panganan kang digawa utawa panganan sing wigati, amarga jadah iku nduweni pralambang yen kulawarga lan calon panganten bisa rumaket dadi siji, kaya dene ketan kang dhewe-dhewe banjur dadi jadah.

Ttedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu. Babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-wena kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesti bisa karampungake.




dadikna krama alus ayo bantu ges

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jadah utawa tetel iku panganan tradhisional Jawa Tengah. Jadah panganan kang digawe saka beras ketan. Panganan iki racake digunakake kanggo nyamikan nalika ana hajat pangantenan, sunat utawa khitanan, Sedekah Bumi uga tedhak siten.

Ing adicara mantu, jadah didadekake salah sijining panganan kang digawa utawa panganan sing wigati, amarga jadah iku nduweni pralambang yen kulawarga lan calon panganten bisa rumaket dadi siji, kaya dene ketan kang dhewe-dhewe banjur dadi jadah.

Ttedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu. Babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-wena kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesti bisa karampungake.

➡️ Krama Alus

Jadah utawi tetek punika dhaharan tradhisional Jawa tengah. Jadah dhaharan ingkang dipun damel saking uwos ketan. Dhaharan punika racakipun dipun gunakaken kagem nyamikan nalikanipun wonten hajat Temanten, utawi khitanan, sedekah bumi ugi tedhak Siten.

Ing adicara mantu, jadah dipun dadosaken salah sawijinipun dhaharan ingkang dipun Asta utawi dhaharan ingkang wigatos, amargi jadah punika nggandhahi pralambang Menawi kaluwarga kaliyan calon Temanten saged Rumaket dados setunggal, kadoso ketan ingkang piyambak piyambak lajeng dados jadah.

Tedhak Siten minangka awujud raos syukur nalikanipun putranipun sampun ngancik nyuswa Pitung sasi. Gegayutanipun kaliyan angka Pitu kasebat, Pramila jadah ingkang dipun cawisaken wonten werni Pitu, inggih punika abrit, pethak, Cemeng, kuning, biru, jingga lan Wungu. Babagan kasebat ngemu ateges minangka simbol kagesangan ingkang bakal dipun lampahi putra putri, inggih punika awit sukunipun napak sepindhah dhateng Donya ngantos tumekaning diwasa mangkenipun, Menawi werna werni kasebat minangka gambaranipun Gesang Menawi manungsa Gesang punika kathah pepalang ingkang Kedah dipun lampahi. Jadah Pitu dipun tata awit saking werna petheng lajeng Padhang. Punika nggambaraken Menawi prekawis ingkang bakal dipun lampahi putra putri kasebat awit saking prekawis ingkang abot tumekaning prekawis ingkang entheng, tegesipun ugi sanajan abot prekawisipun bakal saged dipun rampungaken.

Pembahasan

Basa Krama ana 2 :

1. Basa Krama lugu, yaiku basane Krama nanging ora dicampur karo basa Ngoko lan Inggil.

➡️ tuladha :

  • Kula kesah kaleh bapak ten Nganjuk.
  • ibu mboten siyos tumut ngaos, amargi sakit madharan.
  • lsp.

2. Basa Krama Alus, yaiku basane Krama Alus Kabeh ora dicampur karo basa Ngoko.

➡️ tuladha :

  • Pakdhe badhe tindak mriki mangke sonten.
  • Monggo enggal dipun dhahar dhaharanipun.
  • lsp.

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguhing basa
  • Kode kategorisasi : 7. 13. 1

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 17 Jul 21