pidato perpisahan kelas 9 memakai basa Krama alus​

Berikut ini adalah pertanyaan dari imronslamet1988 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Pidato perpisahan kelas 9 memakai basa Krama alus​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

JAWABAN:

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu Guru saha staf karyawan/karyawati ingkang kulo hormati, adhik-adhik kelas lan rencang rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani.

Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita sedaya, saengga kita saged kumpul manunggal ing aula ( nama SMP ) kanthi sehat wal afiat.

Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi adicara menika.

Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dumateng Bapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan anggenipun nggulawentah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika, saha saged lulu 100%. Ingkang nomer kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi ketampi wonten sekolah ingkang dipun idam-idamaken. Ingkang pungkasan, kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken ( nama SMP ) menika.

Kulo dedonga, mugi mugi ( nama SMP ) tetep jaya lan majeng prestasinipun.

Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh joker6131 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 23 Jun 21