Teks kanggo soal nomer 40-45!Pangeran kang sipat murah,*njurungi* kajatih dasih,ingkang

Berikut ini adalah pertanyaan dari tantriselsani08 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Teks kanggo soal nomer 40-45!Pangeran kang sipat murah,
*njurungi* kajatih dasih,
ingkang temen tinemenan,
pan iku ujaring dalil,
nyatane ana uga,
iya Ki Ageng ing Tarub,
wiwitane nenedha,
tan pedhot tumekeng *siwi*,
wayah buyut canggah warenge kang tampa.
40. Tegese gatra 1 saka tembang ing ndhuwur yaiku
A. Ngabulke apa kang disuwun
C. Ndedonga marang Gusti Allah
B. Gusti Allah Kang Maha Murah
D. Keturunane Ki Ageng Tarub

41.saka tembang ing dhuwur, wong kang penjaluke dikabulake dening gusti Allah yaitu wong kang..
A. nglakoni
B. nampa anane kanthi nglokro
C. nyuwun kanthi tenan
D. tumindak sakarepe dhewe

42. saka tembung kasebut watake KI ageng kang bisa dadi patuladhan yaiku...
A.dadi wong tua kan tansah cubriya.
B. tansah tansah ndendonga marang Gusti Allah.
C. kagungan pepenginan kang duwur.
D. maringi warisan marang anak putune.

43.Tan pedhot tumekeng siwi. tegese tembung siwi yaiku....
A. kanca
B. sedulur
C. anak
D. bapak

44. Tembung "njurungi" menawa ditulis nganggo aksara jawa yaiku...

45.Pitutur luhur saka tembang ing dhuwur yaiku....
A. pitutur saka wong tuwa iku becike dirungokake awan dan wengi.
B. nyuwun marang wong tua mesti bakal dicukupi kabeh kebutuhane.
C. manusia kang nglokro mesthi bisa duweni apa kang dadi kekarepane.
D. menawa duweni pepenginan nyuwuna marang gusti Allah kanthi tenanan.

teks kanggo nomor 46-50!

Carita nganggo ningsun nular,
wong tuwa kang momong dhingin,
akeh kang sugih Carita,
sun rungokken rina wengi,
samengko maksih eling,
sawise diwasaning sun,
bapak kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata-krama ing pratingkah kang Raharja.

46. sun rungokno Rino wengi. tembung Rina wengi tegese....
A. saben dalu.
B. sonten saha dalu.
C. siyang saha dalu.
D. enjing saha dalu.

47. tegese Gatra 5 saka tembang sinom ing dhuwur yaiku....
A. wong tuwa kang ninggalake pitutur.
B. pitutur wong jaman biyen.
C. nganti saiki isih kelingan.
D. ibu uga maringi pitutur.

48. saka tembang ing dhuwur isi pituture wong tuwa marang putrane yaiku...
A. ilmu sing daktularake.
B. cerita kang maneka warna.
C. pitutur sregep golek ilmu.
D. tatanan ing solah bawa.

49. pituture wong tua nganti dewasa esih kelingan amarga...
A. ibu sing mituturi.
B. bapak sing Mulang.
C. sinau kanthi temenan.
D. dirungokke awan wengi.

50.saka tembang kasebut ancase wong tua maringi pitutur marang anak putune supaya...
A. Urip Slamet
B. Uripe rekasa
C. Uripe sengsara
D. uripe kacingkarangan

mohon dijawab dengan benar ya kakak² yg pintarrr :))



Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

40. B. Gusti Allah Kang Maha Murah.

41. C. Nyuwun kanthi tenan.

42. B. Tansah ndendonga marang Gusti Allah.

43. C. Anak.

44. ꦚ꧀ꦗꦸꦫꦸꦔꦶ

45. D. Menawa duweni pepenginan nyuwuna marang gusti Allah kanthi tenanan.

46. C. Siyang saha dalu.

47. C. Nganti saiki isih kelingan.

48. D. Tatanan ing solah bawa.

49. D. Dirungokke awan wengi.

50. A. Urip slamet.

Penjelasan

40. Gatra 1 » Pangeran kang sipat murah.

-Pangeran iku Gusti Allah, dadi tegese Gusti Allah Kang Maha Murah.

42. Pethikan tembang "nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, Tan pedhot tumekeng siwi," tegese » "Buktine Ki Ageng Tarub, yaiku wiwit saka ndedonga marang Gusti tanpa pedhot-pedhot nganti anak..."

=> Dadi, patuladhan saka Ki Ageng Tarub yaiku tansah ndendonga marang Gusti Allah.

43. Dasanama (jeneng liya) Anak : suta, sunu, siwi, atmaja, putra, weka, tanaya

46. Siyang Ratri » Awan Wengi » Siyang saha dalu (basa Krama)

47. Gatra 5 » samengko maksih eling.

Tegese nganti isih eling/kelingan.

48. Pethikan tembang "bapak kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata-krama ing pratingkah kang raharja", tegese » "bapak sing menehi ajaran, lan ibu sing nuturi/nasehati, TATA KRAMA ing tingkah laku supaya slamet".

-Solah bawa tegese tingkah laku.

=> Dadi, pituture wong tuwa ngenani tata krama babagan solah bawa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pangeran kang sipat murah, carita nganggo ningsun nular, wong tuwa, Ki Ageng Tarub, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Wangsulan40. B. Gusti Allah Kang Maha Murah.41. C. Nyuwun kanthi tenan.42. B. Tansah ndendonga marang Gusti Allah.43. C. Anak.44. ꦚ꧀ꦗꦸꦫꦸꦔꦶ45. D. Menawa duweni pepenginan nyuwuna marang gusti Allah kanthi tenanan.46. C. Siyang saha dalu.47. C. Nganti saiki isih kelingan.48. D. Tatanan ing solah bawa.49. D. Dirungokke awan wengi.50. A. Urip slamet.Penjelasan40. Gatra 1 » Pangeran kang sipat murah.-Pangeran iku Gusti Allah, dadi tegese Gusti Allah Kang Maha Murah.42. Pethikan tembang

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 02 Jun 21