BIG POINTT KOWE MAU TANGI JAM PIRA?UKURA KASEBUT KALEBU UKARA.

Berikut ini adalah pertanyaan dari tinkkywingky pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

BIG POINTTKOWE MAU TANGI JAM PIRA?

UKURA KASEBUT KALEBU UKARA. . .
A. PITAKON
B. AGYNYA
C. SAMBAWA

JAWAB DENGAN BENAR DAN BERI ALASAN

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Ukara kasebut kalebu ukara. . .

➡️ A. Pitakon.

Penjelasan

{Ukara pitakon}

→ ukara kang njaluk katrangan marang wong liya amarga durung ngerti.

  • Titikan ukara pitakon :

1. Nggunakake tembung pitakon, yaiku apa, sapa, pira, ing ngendi, kapan, geneya, lan kepriye.

2. Ing pungkasan ukara ana tandha pitakon (?).

Tembung pitakon :

  1. Apa kanggo nakokake barang.
  2. Sapa kanggo nakokake wong utawa pawongan.
  3. Pira kanggo nakokake jumlah utawa cacah.
  4. Ing ngendi kanggo nakokake panggonan.
  5. Kapan kanggo nakokake wektu.
  6. Geneya kanggo nakokake sebab.
  7. Kepriye kanggo nakokake kahanan, sipat, utawa watak.

>> Tuladha :

  1. Tugase dikumpulke kapan?
  2. Kecelakaan montor kuwi ing ngendi?
  3. Panganan kuwi jenenge apa?
  4. Oleh-oleh khas Solo apa wae?
  5. Lita karo Deni nikah tanggal pira?

{Ukara agnya}

Agnya tegese kongkon, prentah, pakon.

→ ukara kang isine mrentah marang wong liya supaya nindakake pegaweyan.

  • Titikan ukara agnya :

1. Nggunakake tandha seru (!) ing pungkasane ukara.

2. Nggunakake panambang (akhiran) -a, -en, -na, utawa -ana.

>> Tuladha :

1. Mbak Lastri, gantinen klambi seragame banjur maem!

2. Sawise maem, banjur rapikna mejane!

3. Arif, jupukna buku kuwi!

4. Bukaken bukumu kaca 75!

5. Cah, aja lali sinaua!

{Ukara Sambawa}

→ ukara kang nduweni teges muga-muga, senajan lan saumpama, masiya cara pangucapane meh padha karo ukara agnya.

  • Titikan ukara sambawa :

1. Ukara sambawa meh memper/mirip cara pangucapane kaya ing ukara agnya.

2. Tembung linggane uga oleh panambang (akhiran) -a, -an, -ana, -en nanging ora nduweni teges prentah.

>> Tuladha :

◉ Tegese senajan (meskipun)

Udana kaya ngapa Paijo tetep budhal sekolah

◉ Tegese umpama (seumpama)

Budhala esuk mau Putri ora telat sekolah

◉ Tegese muga-muga (harapan)

Paringana slamet anggone Tatik lunga, supaya enggal ketemu

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang - Jenising ukara

Kata Kunci : Ukara pitakon, ukara sambawa, ukara agnya

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 08 Jun 21