gawean teks sesorah bagian pembukananti ku kasi bintang 5​

Berikut ini adalah pertanyaan dari risamaesaroh123 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawean teks sesorah bagian pembuka

nanti ku kasi bintang 5​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Sesorah perangan pa-mbuka :

1. Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, adhik-adhik kelas tuwin kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged kempal kanthi pinaringan karaharjan.

2. Assalamu’alaikum Wr. Wb

Nuwun,

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,

Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,

Para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala.

Penjelasan

Pidhato yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

>> Perangan sesorah :

1. Purwaka basa/pa-mbuka

  • Perangan teks sesorah utawa pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pa-mbuka, pakurmatan, lan puji syukur marang Gusti.

2. Isi/surasa basa

  • Perangan teks sesorah utawa pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine andharan.

3. Wasana basa/panutup

  • Perangan teks sesorah utawa pidhato minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan pangapura, lan salam panutup.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Pa-mbuka sesorah

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 27 Jul 21