Gawae ukara mawa Tembung embung camboran ing ngisor iki!Bangjo​

Berikut ini adalah pertanyaan dari neroganteng90 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawae ukara mawa Tembung embung camboran ing ngisor iki!


Bangjo​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Nggawe ukara saka tembung camboran.

Fit, aja lali ya mengko jam papat tak enteni ana prapatan bangjo.

__________________

Pembahasan

Sing diarani tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing didadekake siji utawa diringkes lan duwe teges anyar.

Tembung camboran kaperang dadi 4 :

1. Camboran wutuh

yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji nanginh ora ngurangi jumlah wandane.

Tuladha :

  • Edi peni
  • gagah Prakosa
  • jaran kepang

2. Camboran tugel

yaiku tembung loro sing diringkes dadi siji nganthi ngurangi wandane banjur disingkat.

Tuladha :

  • perko = emper toko
  • dhekmu = endhek lemu
  • barbeh = bubar kabeh

3. Camboran tunggal

yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging tembung siji lan liyane ora kena dipisah.

Tuladha :

  • Semar mendem
  • nagasari
  • uler kembang

4. Camboran wudhar

yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging tembung siji lan liyane wis duwe teges dhewe dhewe.

Tuladha :

  • meja tulis
  • gedhang goreng
  • gedhe cilik

★ catetan

Tembung camboran bangjo kalebu Tembung camboran tugel utawa wancah.

bangjo = abang ijo

Detail jawaban

  • Mapel : Bahasa daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembung camboran
  • Kode 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 03 Nov 22