Carita nggoningsun nular,wong tuwa kang momong dhingin,akeh kang sugih carita,

Berikut ini adalah pertanyaan dari mawarola4842 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Carita nggoningsun nular,wong tuwa kang momong dhingin,akeh kang sugih carita, sun rungokken rina wengi,samengko maksih eling, sawise diwasaningsun,bapak kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata-krama ing pratingkah kang raharja. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang ing dhuwur!​.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Guru gatra ana 9 larik

Guru wilangan 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

Guru lagu a, i, a, i, i, u, a, i, a

Pembahasan:

Tembang kasebut arané Tembang Sinom pada 225, pupuh 12 . Tembang Sinom kuwé salah sijiné tembang sekarang Serat Wulangréh sing wujudé tembang macapat. Tembang macapat kuwé kabeh ana 11, antarané;

  1. Maskummabang
  2. Mijil
  3. Kinanthi
  4. Sinom
  5. Asmarandana
  6. Gambuh
  7. Dhandhanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pucung

Tembang macapat kuwé duwé paugeran sing dadi ciri khas kanggo mbédakna karo karya sastra liyané. Paugerané kuwé ana telu, yakuwé guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

  1. Guru gatra yakuwé cacahé larik néng saben sapada/bait.
  2. Guru wilangan yakuwé cacahé kecap utawa suku kata néng saben selarik.
  3. Guru lagu yakuwé tibané swara utawa vokal nèng pungkasané larik.

Penjelasan:

Nggolék guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang Sinom ing ngisor iki;

Ca//ri//ta nggo//ning//sun nu//lar, 1

wong tu//wa kang mo//mong dhi//ngin, 2

a//keh kang su//gih ca//ri//ta, 3

sun ru//ngok//ken ri//na we//ngi, 4

sa//meng//ko mak//sih e//ling, 5

sa//wi//se di//wa//sa//ning//sun, 6

ba//pak kang pa//ring wu//lang, 7

mi//wah i//bu mi//tu//tu//ri, 8

ta//ta-kra//ma ing pra//ting//kah kang ra//har//ja 9

  • Guru gatra ana 9 larik
  • Guru wilangan 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
  • Guru lagu a, i, a, i, i, u, a, i, a

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NadiaNadhimHas dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 30 Aug 22