kasebataken titikanipun cariyos pengalaman ingkang sae​

Berikut ini adalah pertanyaan dari unknown pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Kasebataken titikanipun cariyos pengalaman ingkang sae​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap  punika:

Penjelasan:

  1. Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged  dipunsupèkaken.
  2. Ukaranipun prasaja lan cetha
  3. Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi.
  4. Lagunipun ingkang cetha lan saged milah-milahaken frasa-frasa (kelompok kata). Dados  pangucapipun boten satembung mbaka satembung, pilihaning tembung ingkang  nengsemaken.
  5. Anggènipun cariyos dipunkanthèni solah bawa lan polatan (mimik) ingkang trep kaliyan  ingkang dipuncariyosaken.
  6. Gampil dipunmangertosi topikipun cariyos.
  7. Nalika guneman pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu (ragu-ragu). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a/o;t/th;d/dh; è/e/é, lan sapanunggilipun.
  8. Iramanipun tiyang cariyos saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang  mirengaken. Sora utawa lirihing swanten dipunlarasaken kaliyan isinipun cariyos. Cariyos  kanthi tèma perjuwangan anggenipun matur kedah sora, semangat. Beda kaliyan  ngaturaken cariyos ingkang isinipun nembé nandhang kasusahan, kacilakan mesthi kedah  alon, lirih, sarèh.
  9. Obahing salira lan pasuryan (rai) kedah luwes (boten kaku)
  10. Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos upamanipun: muntab, gumbira, susah,  kuciwa, wibawa, getun,lan sapanunggilipun.
  11. Pasemon kanthi langsung, cariyos pengalaman ngaturaken bab-bab kanthi langsung inggih  punika ngaturaken satunggaling bab ingkang ngemot teges trep kaliyan kadadosanipun.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Robbityu dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 30 May 21