buatkan contoh wasana basa (penutup pada pidato)

Berikut ini adalah pertanyaan dari akmdafa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Buatkan contoh wasana basa (penutup pada pidato)

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Contoh wasana basa adalah pinangka pungkasaning atur, sepisan malih kula ndedonga mugi Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah, Aamiin. Wasana cekap semanten atur kawula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten.

Pembahasan

Sesorah yaiku nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh.

Urutane sesorah yaiku:

  1. salam pambuka
  2. atur pambuka, isine  yaiku atur pakurmatan, atur puji syukur, lan atur panuwun
  3. isi
  4. panutup, isine yaiku pangarep lan atur pangapura

Wasana basa utawa panutup  ing sesorah yaiku atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan olehe ngandharake. Ing ngisor iki contho- contho wasana basa.

Contho 1 wasana basa ing sesorah perpisahan sekolah:  

Pinangka pungkasaning atur, sepisan malih kula ndedonga mugi Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah, Aamiin. Wasana cekap semanten atur kawula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun.

Contho 2 wasana basa ing sesorah perpisahan sekolah:  

Minangka pungkasaning atur, kula sak rencang nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, hambok bilih ing dalem ngangsu kawruh ing pawiyatan punika kathah kalepatan-kalepatan dhumateng Bapak/Ibu Guru. Wusana cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang langkunging atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun.

Contho 3 wasana basa ing sesorah penyuluhan kesehatan:

Hadirin ingkang kula mulyaken, cekap semanten atur kula, mugi-mugi ingkang kula aturaken wonten gina manfaatipun. Pungkasanipun atur, sumangga kita tansah muji dhateng ngarsanipun Gusti mugi kita dipun tebihaken saking sedaya ujian kalebet ujian sakit. Menawi wonten tumpang suhipun atur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun.

Pelajari lebih lanjut

1. materi tentang sesorah: yomemimo.com/tugas/13394577

2. materi tentang urutan sesorah: yomemimo.com/tugas/5685370

3. materi tentang sesorah: yomemimo.com/tugas/8478456

Detil jawaban

Kelas: XI

Mapel: bahasa daerah – bahasa jawa

Bab: sesorah

Kode: -

Kata kunci: wasana basa, sesorah, pidato, pungkasaning sesorah

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh claramatika dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 03 Mar 16