GLADHEN 4 pada 9 Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira,

Berikut ini adalah pertanyaan dari ap4653687 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

GLADHEN 4pada 9
Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribasa bisaa, kaya ingkang dhingin dhingin, anuwira sapertelon saprapatan.
Tulisna tegese tembang macapat ing dhuwur!

Pada 33
Kabeh anak putu padha, eling-eling aja lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna aja lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Tulisna tegese tembang macapat ing dhuwur!

Tolong dong jawab sekarang soalnya di kumpulkan sekarang

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

  • Pada 9

Mring leluhur kina-kina,

anggone amanting dhiri,

iya sakuwasanira.

Sakuwate anglakoni,

nyegah turu sathithik,

sarta nyuda dhaharipun.

Pirabara bisaa,

kaya ingkang dhingin dhingin,

aniruwa sapretelon saprapatan.

  • Tegese :

Kanggo para leluhur jaman mbiyen,

anggone nglatih awake,

kanthi sakuwate wae,

sabisane sing njalani/nglakoni,

ngurangi turu sathithik,

lan ngurangi mangan,

luwih becik yen bisa,

kaya wong-wong jaman mbiyen,

bisa ditiru sapertelon utawa saprapate.

  • Gancaran/Parafrase :

Yen kanggo leluhur ing jaman mbiyen, kanggo nglatih dhiru kui mung sakuwate wae, sabisane sing nglakoni. Kayata kanthi cara ngurangi turu lan mangan sithik mbaka sithik. Luwih becik yen koe cah enom padha bisa niru wong-wong jaman mbiyen sapertelon utawa saprapate kanggo nglatih awak.

  • Pada 33

Kabeh anak putu padha,

eling-elingan ywa lali.

Prasapa kang kuna-kuna,

wewaler leluhur nguni,

estokna ing jro ati,

aja nganti nemu dudu,

kalamun wani nerak,

pasti tan manggih basuki,

Sinom salin Girisa ingkang atampa.

  • Tegese :

Kabeh anak putu padha,

eling-elingan aja lali,

nindakake cara kang mbiyen-mbiyen,

larangan leluhur jaman mbiyen,

manut ing jero ati,

aja nganti nemu sing ora-ora,

yen wani nglanggar,

mesthi ora bakal entuk slamet,

Kanggo wong enom wedi a karo akibate sing ditampa.

  • Gancaran/Parafrase :

Kabeh anak putu padha eling-elinga aja lali nindakake cara sing mbiyen tau dilakoni, uga ninggalake larangan leluhur jaman mbiyen. Dilakoni manut ing jero ati, aja nganti nemu sing ora-ora. Yen kowe wani nglanggar, mesthi bakale ora entuk keslametan. Mula, wedi a karo akibate sing bakal ditampa nalika nglanggar.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Serat Wulangreh Sinom

Kata Kunci : Tegese sinom pada 9 lan pada 33

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 16 May 21