1. goleko tembung saroja, entar, garba, kawi cacahe 5 tuladha

Berikut ini adalah pertanyaan dari rendyhardian02 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

1. goleko tembung saroja, entar, garba, kawi cacahe 5 tuladha sak tegese saben tembung! (Tembung garba sak tembung asale)2. Goleko paribasan, bebasan, saloka cacahe 3 sak tegese


JANGAN ASAL, YG BENER GW KASIH JAWABAN TERBAIK​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

1.

Tembung saroja

» tembung loro meh padha utawa padha tegese digunakake bebarengan, kanggo mbangetake.

—☆ Tuladha :

✧ Gemah ripah → subur makmur.

✧ Raja kaya → kewan sing diopeni/ingon-ingon.

✧ Andhap asor → ora ngantonake keluwihane (rendah hati).

✧ Peteng ndhedhet → peteng banget.

✧ Tahu tempe → panganan tahu lan tempe.

Tembung entar

» tembung kang duwe teges ora salugune, utawa teges silihan.

—☆ Tuladha :

✧ Adus kringet → nyambut gawe rekasa banget.

✧ Dawa tangane → seneng nyolong.

✧ Idu geni → omongane manjur, tansah kaleksanan.

✧ Jembar segarane → sugih pangapura, sabar.

✧ Mogel ilate → mangan sing sarwa enak.

✧ Bening atine → sumeh (murah senyum).

Tembung garba

» rerangkene tembung kanthi nyekak ketemune aksara swara, kang gunane kanggo nyekak/nyuda guru wilangan ing geguritan.

—☆ Tuladha :

✧ Aneng → ana + ing

✧ Dupyarsa → dupi + arsa

✧ Jiwangga → jiwa + angga

✧ Maharsi → maha + resi

✧ Jalwestri → jalu + estri

Tembung kawi

» tetembungan kuna kang cak-cakane winates ana ing basa endah, lumrahe digunakake ana pewayangan.

—☆ Tuladha :

✧ Bagaskara → srengenge

✧ Kalpa → kaya

✧ Kingkin → sedhih

✧ Lirwa → sembrana

✧ Nir → ilang

✧ Praja → negara

2.

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

3. Adigang, adigung, adiguna.

✧Tegese : ngendhalekake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

3. Nututi layangan pedhot.

✧Tegese : mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

Saloka

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

—☆ Tuladha :

1. Asu belang kalung wang.

✧Tegese : wong asor nanging sugih bandha donya.

2. Cebol nggayuh lintang.

✧Tegese : wong mlarat nduwe gegayuhan (kekarepan) sing mokal kasembadan.

3. Kacang ora ninggal lanjaran.

✧Tegese : sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Entar, saroja, garba, kawi, paribasan, bebasan, saloka

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 10 Jul 21