DhandhanggulaParandene mangke sira iki,yen den wulang dhateng ibu rama,sok balawanan

Berikut ini adalah pertanyaan dari madisma29 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

DhandhanggulaParandene mangke sira iki,
yen den wulang dhateng ibu rama,
sok balawanan ucape,
sumahir bali mungkur, iya iku cegahen kaki,
tan becik temahira,
donya keratipun, tan wurung kasurang-kasurang,
tembe mati sinatru dening Hyang widhi, siniksa ing Malekat.

2. Kanggo ngerteni isine tembang Dhandhanggula ing dhuwur, gawenen gancarane!​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Gancaran/Parafrase :

➡️ Ewa dene mengko kowe yen diajari marang bapak lan ibu kadang beda omongane, mesthi mbantah banjur minger tanpa nduweni rasa luput. Tumindak kaya ngono iku singkirana, Nak, amarga ora becik ing tembe mburine. Wong kaya ngono, ing donya lan akhirate bakal nemoni cilaka tanpa mandeg. Nalika mati, bakal dimungsuhi Gusti Kang Maha Kuwasa lan disiksa karo Malaikat

Penjelasan

Parandene mangke sira iki,

yen den wulang dhateng ibu rama,

sok balawanan ucape,

sumahur bali mungkur.

Iiya iku cegahen kaki.

Tan becik temahira,

donya keratipun,

tan wurung kasurang-kasurang.

Tembe mati sinatru dening Hyang widhi,

siniksa ing Malekat.

  • Tegese :

Ewa dene mengko kowe,

Yen diajari marang bapak ibu,

Kadang beda omongane,

mbantah terus minger,

sing kaya ngono iku singkirana, nak,

ora becik ing mburine,

donya akhirate,

bakal nemoni cilaka bola-bali,

nalika mati dimungsuhi Gusti Kang Maha Kuwasa,

Disiksa karo Malaikat.

  • Kalebu tembang Dhandhanggula.

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

  • Carane nggancarake tembang/geguritan bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

- Carane nggancarake tembang :

1. Negesi tetembungan kang katulis ing geguritan/tembang. Yen nemu tembung kawi bisa nggunakake bausastra (kamus).

2. Ngowahi ukara basa pinathok dadi ukara gancaran.

3. Nggathukake gatra siji karo gatra liyane kanthi wujud ukara.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Gancaran, Dhandhanggula

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 12 Jul 21