Dina iki aku mulai nglakoni ujian sekolah tahun 2020/2021. Sadurunge

Berikut ini adalah pertanyaan dari Puspa10 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Dina iki aku mulai nglakoni ujian sekolah tahun 2020/2021. Sadurunge aku wis sinau kanti tekun karo bu guru. Menawa aku ora bisa njawab, aku takon maring bu guru utawa wong tuwaku. Aku kepengin ujian sekolah mengko ulih kasil sing maen. Sukur pisan bisa ulih prestasi. Aku kepengin mlebu SMP sing dak karepake. Mula kanca kanca kabeh ayuh pada semangat anggone sinau sinng mempeng ben ora ngecewaake wong tuwa.Tolong di basa krama inggilin sih.. Yok amal yook

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Dinten punika kula nindakaken ujian sekolah tahun 2020/2021. Saderengipun kula sampun sinau kanthi tlatos kaliyan bu guru. Menawi kula mboten saged mangsuli, kula nyuwun pirsa bu guru utawi tiyang sepuh kula. Kula kersa ujian sekolah mangke keparing kasil ingkang maremaken. Sukur ugi saged keparing prestasi. Kula kersa mlebet SMP ingkang kula kersani. Pramila, rencang-rencang sedaya mangga sami sengkuyung anggenipun sinau ingkang giyat supados mboten nguciwakaken tiyang sepuh.

Penjelasan

Krama Alus/Inggil

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama lugu. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Krama inggil

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 04 Jul 21