Ukara kang kacithak kandel menawa digawe basa ngoko dadi...a. Kabeh

Berikut ini adalah pertanyaan dari SkyWalkerz8586 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ukara kang kacithak kandel menawa digawe basa ngoko dadi...a. Kabeh mau amarga bantuane bapak/ibu guru karo wong tuwa sing wis nglatih aku
saben dina.
b. Sedaya amarga pambiyantu bapak/ ibu guru kaliyan wong tuwa ingkang sampun
nglatih saben dina.
c. Sedaya sebab saka bantuane bapak/ ibu guru kalian tiyang sepuh kang sampur
nggulawenthah saben dinten
d. Sedaya amargi pambiyantu bapak/ibu guru kaliyan tiyang sepuh ingkang sampu
nggulawenthah saben dinten,
elas6/B.JAWA/2020-2021​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ a. Kabeh mau amarga bantuane bapak/ibu guru karo wong tuwa sing wis nglatih aku saben dina.

Penjelasan

  • Ngoko : Kabeh mau amarga bantuane bapak/ibu guru karo wong tuwa sing wis nglatih aku saben dina.
  • Krama : Sedaya amargi pambiyantu bapak/ibu guru kaliyan tiyang sepuh kang sampun nggulawentah kula saben dinten.

_________________________

  • Ngoko

» Wujud basane kanthi tembung-tembung ngoko kabeh ora kacampuran tetembungan krama.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Kanca padha kanca sing wis akrab

2) Tumrap wong sing kalungguhane luwih dhuwur nalika sesambungan karo wong kang wong sing drajad utawa kalungguhane luwih endhek.

3) Omongan bocah karo bocah sing wis kulina

4) Wong tuwa marang wong enom

6) Kanggo situwasi resmi (formal) sing pancen perlu nggunakake ragam lan tembung-tembung ngoko.

Tuladha :

1. Aku mengko sore dolan menyang omahmu ya?

2. Nik, jupukna majalah sing ana ing meja kae!

3. Kapan ya aku nduwe sepedha montor?

4. Kowe arep menyang ngendi, Jo?

  • Krama

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama Inggil. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Dadekna basa ngoko

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 27 Jun 21