Prandene ki ageng selo,prasapa ingkang tan keni,ing sathedak turu niro,nyamping

Berikut ini adalah pertanyaan dari Aloysiaaputri9243 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Prandene ki ageng selo,prasapa ingkang tan keni,ing sathedak turu niro,nyamping cindhe den waleri,kapindhone tan keni,ing ngarepan nandur waluh,wohe tan keno dhahar,panembahan senopati,ingalaga puniko ingkang prasapa. Guru gatra...Guru wilangan..Guru lagu...Isi piwulang...Jenenge tembang..Watake..Gancarane pengertian serat wulangreh tolong d bantu​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Paugeran sinom :

  • Guru gatra : 9 gatra
  • Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  • Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

2. Isine yaiku nyritakake babagan sumpahe Ki Ageng Sela ing Ngalaga marang anak keturunane.

3. Piwulang luhur/amanat => Yen nduweni sumpah kudu dilakoni supaya uripe tentrem, aja nganti nerak amarga ndadekake cilaka.

4. Jenenge tembang => Tembang sinom.

5. Watak tembang => sabar grapyak, sumanak, tresna asih, canthas, trengginas, luwes, cocok kanggo menehi pitutur kang sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang.

Penjelasan

Prandene Ki Ageng Sela,

prasapa ingkang tan keni,

ing satedhak turunira,

nyamping cindhe den waleri,

kepindhone tan keni,

ing ngarepan nandur waluh,

wohe tan kena dhahar,

Panembahan Senopati,

Ingalaga punika ingkang prasapa.

  • Tegese :

Dene Ki Ageng Sela,

Sumpahe sing ora oleh,

Ing anak keturunane,

ora kena nganggo kain cindhe,

sing kloro ora oleh,

nandur waluh ing ngarep omah,

wohe uga ora kena dipangan,

Penambahan Senopati,

Ing Ngalaga kuwi dheweke sumpah.

  • Kalebu tembang Sinom.

____________________

» Nggancarake tembang yaiku ngowahi tembang dadi prosa (karangan bebas tanpa aturan tartamtu).

Carane nggancarake tembang bisa kanthi nambahi tembung panggandheng, tembung katrangan, lan tembung liyane utawa ngurangi tembung sing ora perlu supaya isine tembang kasebut tambah jelas.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Gancaran, watak, paugeran, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 15 Jul 21