(1) Tulisen idhe pokoke kang mathuk!(2)Sebutna apa wae kang kacetha

Berikut ini adalah pertanyaan dari rahmapasker7492 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

(1) Tulisen idhe pokoke kang mathuk!(2)Sebutna apa wae kang kacetha ing gambar!
(3)Kepriye sesambungan antarane barang barang kang kacetha ing
gambar?
(4)Gawea utara 1-5 sing bisa aweh karangan isine gambar kasebut!

(plssss bantu jawabbb):')
besok di kumpulkann:')​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

GLADHEN 1 : Nulis Teks Dheskripsi

Wangsulan

  • 1. Gatekna gambar 5.3✔️

(1) Tulisna idhe pokoke kang mathuk!

➡️ Kaendahan sesawangan akuarium.

(2) Sebutna apa wae kang kacetha ing gambar!

➡️ Banyu, tumpukan watu, pang kayu, tetanduran banyu, lan iwak.

(3) Kepriye sesambungane antarane barang-barang kang kacetha ing gambar?

➡️ Sesambungan antarane banyu kang bening, tumpukan watu sing alami, pang wit, tetanduran kang ijo, lan iwak kang werna-werni ndadekake sesawangan akuarium katon endah.

(4) Gawea ukara 1-5 sing bisa aweh katrangan isine gambar kasebut!

➡️ 1. Sesawangan akuarium katon endah nengsemake ati.

2. Banyu akuarium bening nganti ora katon yen ana banyune.

3. Tumpukan watu werna coklat katon endah alami.

4. Tetanduran banyu katon ijo royo-royo lan tumata.

5. Iwak-iwak cilik werna-werni padha langen.

  • 2. Gatekna gambar 5.4 ✔️

(1) Tulisna idhe pokoke kang mathuk!

➡️ Sesawangan ing ngisore Gunung Kelud.

(2) Sebutna apa wae kang kacetha ing gambar!

➡️ Gunung, langit, mega, wit-witan, sawah, lan gubug.

(3) Kepriye sesambungane antarane barang-barang kang kacetha ing gambar?

➡️ Sesambungan antarane gunung sing dhuwur, langit biru, mega sing putih memplak, wit-witan sing ijo royo-royo, sawah kang subur, lan gubug ing tengah sawah ndadekake sesawangan ing ngisore Gunung Kelud katon edi peni.

(4) Gawea ukara 1-5 sing bisa aweh katrangan isine gambar kasebut!

➡️ 1. Gunung Kelud katon dhuwur lan gagah.

2. Langit katon biru lan mega katon putih memplak mayungi pucuke gunung.

3. Tetanduran ing sangisore gunung katon ijo royo-royo.

4. Sawahe sing ditanduri pari katon tuwuh subur.

5. Gubug ing tengah sawah kanggo leren para among tani sing mentas ngolah sawahe.

  • 3. Gatekna gambar 5.5✔️

(1) Tulisna idhe pokoke kang mathuk!

➡️ Sesawangan ing dataran tinggi mereng.

(2) Sebutna apa wae kang kacetha ing gambar!

➡️ Sawah, wit-witan, langit, mega, lan kebo.

(3) Kepriye sesambungane antarane barang-barang kang kacetha ing gambar?

➡️ Sesambungan antarane sawah sing diundhag-undhag, tetanduran sing tuwuh subur, langit sing katon biru, mega sing putih, lan kebo sing golek pangan ngatonake endhae sesawangan ing dataran tinggi.

(4) Gawea ukara 1-5 sing bisa aweh katrangan isine gambar kasebut!

➡️ 1. Kahanan lemah ing dataran tinggi mereng.

2. Sawahe diundhag-undhag kanggo nyegah erosi lemah.

3. Langit katon biru lan mega katon putih.

4. Wit-witan lan pari katon tuwuh subur.

5. Kebo sing biasa kanggo ngluku sawah lagi mangan suket.

Penjelasan

Teks dheskripsi yaiku teks sing menehi samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 5 - Dheskripsi

Kata Kunci : Idhe pokok, dheskripsi, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 24 Jun 21