A.Lembar Kerja 2.6Wangsalan ing ngisor iki golekana cangkrimane, batangane, tebusanelKlapa

Berikut ini adalah pertanyaan dari ayuraiwerdi3961 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

A.Lembar Kerja 2.6
Wangsalan ing ngisor iki golekana cangkrimane, batangane, tebusanel
Klapa mudha, leganana anggonku nandhang asmara
Cangkrimane :
Batangane
Tebusane
b. Sumber gung ngisore gunung, yen lega aturana
Cangkrimane
Batangane
Tebusane
C Peken alit panggayuh becik mangsa wurunga
Cangkrimane
Batangane
Tebusane
d. Gayung sumur, aja kemba anggonmu mbididaya
Cangkrimane :
Batangane
Tebusane​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

a. Klapa mudha, leganana anggonku nandhang asmara.

  • Cangkriman : klapa mudha.
  • Batangan : degan.
  • Tebusan : leganana.

b. Sumber gung ngisore gunung, yen lega aturana.

  • Cangkriman : sumber gung.
  • Batangan : tlaga.
  • Tebusan : lega.

C Peken alit panggayuh becik mangsa wurunga.

  • Cangkriman : peken alit.
  • Batangan : warung.
  • Tebusan : wurunga.

d. Gayung sumur, aja kemba anggonmu mbididaya.

  • Cangkriman : gayung sumur.
  • Batangan : timba.
  • Tebusan : kemba.

e. Mbalung janur, ngusadani kangen ing atiku iki.

  • Cangkriman : mbalung janur.
  • Batangan : sada.
  • Tebusan : ngusadani.

f. Witing klapa jawata ing marcapada. Salugune wong sinau aja sembrana.

  • Cangkriman : witing klapa.
  • Batangan : glugu.
  • Tebusan : salugune.

g. Balung geni mbok menawa sliramu kersa.

  • Cangkriman : balung geni.
  • Batangan : mawa.
  • Tebusan : menawa.

h. Isi sawo luwih becik sing prasaja.

  • Cangkriman : isi sawo.
  • Batangan : kecik.
  • Tebusan : becik.

i. Kukus gantung, sawangane sajak merakati.

  • Cangkriman : kukus gantung.
  • Batangan : sawang.
  • Tebusan : sawangane.

j. Bocah kok ditakoni mung ngembang suruh, prengas-prenges ora semaur.

  • Cangkriman : ngembang suruh.
  • Batangan : drenges.
  • Tebusan : prengas-prenges.

Penjelasan

Wangsalan yaiku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhek) dhewe. Ukarane ora persis nanging memper wae.

—☆ Tuladha :

» Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (Saron bumbung = angklung)

  • Cangkriman : nyaron bumbung
  • Batangan : angklung
  • Tebusan : cengklungen

» Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (Janur gunung = aren)

  • Cangkriman : janur gunung
  • Batangan : aren
  • Tebusan : kadingaren

- Batangan : bedhekan/jawaban kang sabenere

- Tebusan : jawaban kang wis ditulis sajroning wangsalan nanging durung pati cetha

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 10

Materi : Piwulang 5 - Wangsalan

Kata Kunci : Isi sawo, kukus gantung, ngembang suruh, klapa mudha, sumber gung, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 10.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 28 Jun 21