OWAHONO PARAGRAF NGISOR IKI NGANGGO BASA KRAMA! Iki wulan romadhon

Berikut ini adalah pertanyaan dari nengulvi76 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

OWAHONO PARAGRAF NGISOR IKI NGANGGO BASA KRAMA! Iki wulan romadhon , waktune poso. Kabeh wong islam ngelaksanaake poso, ora mangan lan ngombe, wiwit subuh, nganti adzan maghrib. Kejobo iku, ora oleh nesu, ngrasani wong liyo, lan liya-liyane-TOLONG DI JAWAB

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Basa Krama :

➡️ Menika wulan Romadhon, wekdalipun siyam. Sedaya tiyang islam nindakaken siyam, mboten dhahar lan ngunjuk, wiwit subuh, ngantos adzan maghrib. Kejawi menika, mboten kepareng duka, ngraosi tiyang sanes, lan sanes-sanesipun.

Penjelasan

  • Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi panjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

☞ {Krama Lugu}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

- Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung aku owah dadi kula.

- Tembung kowe owah dadi sampeyan.

Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 27 Jul 21