Gawenen sesorah kanggo perpisahan kelas 6 perangan surasa atur 3

Berikut ini adalah pertanyaan dari sumaaina59 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawenen sesorah kanggo perpisahan kelas 6 perangan surasa atur 3 ukara waeTolong jawab nanti di kumpulin

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Kula minangka wakil siswa kelas 6, ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sakrencang sedaya wonten pawiyatan menika. Mboten kraos sampun nem warsa laminipun kula saha rencang-rencang nglampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ngriki. Wonten ing adicara menika, kula piyambak saha rencang-rencang nyuwun ageing pangapunten dhumateng Bapak/Ibu guru menawi gadhah kalepatan ingkang dipunsengaja saha mboten dipunsengaja. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru paring pangapunten dhumateng kula sakrencang.

Penjelasan

Pidhato yaiku pakaryan kanggo medharake gagasan utawa informasi kang katujokake marang wong akeh utawa umum.

» Isi/surasa basa

  • » Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah.

» Tuladha :

Kula minangka wakil saking siswa kelas 6, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 5 - Sesorah

Kata Kunci : Isi ne sesorah perpisahan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.5

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21