Tembang Asmaradana kuwi nduweni sipat....

Berikut ini adalah pertanyaan dari adissabiliaa pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tembang Asmaradana kuwi nduweni sipat....

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Nduweni sipat tresna asih, sengsem, seneng, prihatin, sedhih, lumrah kanggo nelakake rasa sedhih lan ngandhut rasa asmara.

Penjelasan

{Tuladha tembang Asmaradana}

Aja turu sore kaki

ana dewa ngangglang jagad

nyangking bokor kencanane

isine donga tetulak

sandhang kelawan pangan

yaiku bageyanipun

wong melek sabar narima

» Paugeran Asmaradana :

  • Guru gatra : 7 gatra
  • Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
  • Guru lagu : i, a, e, a, a, u, a

» Tembang Asmaradana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmaradana asale saka tembung asmara kang tegese seneng utawa tresna, lan dahana kang tegese geni. Mula saka kui, Asmaradana isine wuyung lan samubarang karo tresna.

» Paugeran Macapat :

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasane gatra

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Sipat Asmaradhana

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21