golekana tegese tembung tembung ngisor ikia. ambekeb. ngendhakc. Jalmid. ngayun

Berikut ini adalah pertanyaan dari adamch4n20 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Golekana tegese tembung tembung ngisor ikia. ambeke
b. ngendhak
c. Jalmi
d. ngayun
e. pamrihe
f. ingsun
g. raharja
h. ngarsa
i. cubluk
j. suprandene
k. tyas
l. miwah
m. karaharjan
n. sira
O. nedya
p. wurike
q. nalipang​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Ambeke tegese watake.
  2. Ngendhak tegese ngganggu,- ngremehake.
  3. Jalmi tegese manungsa.
  4. Ngayun tegese ngarep.
  5. Pamrihe tegese karepe,- tujuwane,- supayane.
  6. Ingsun tegese aku.
  7. Raharja tegese slamet.
  8. Ngarsa tegese ngarep.
  9. Cubluk tegese bodho.
  10. Suprandene tegese senajan,- ewa dene.
  11. Tyas tegese ati.
  12. Miwah teges lan,- sarta.
  13. Karaharjan tegese keslametan.
  14. Sira tegese kowe.
  15. Nedya tegese pengen, arep.
  16. Wuruke tegese ajarane,- warahane.
  17. Nalimpang tegese nyacad,- nyimpang.

Penjelasan

  • SINOM PADA 1

Ambeke kang wus utama,

tan ngendhak gunaning jalmi.

Amiguna ing aguna,

sasolahe kudu bathi.

Pintere den alingi,

bodhone dinokok ngayun.

Pamrihe den inaa,

mring padha padhaning jalmi,

suka bungah den ina sapadha-padha.

  • Tegese :

Watake wong kang wis sampurna/utama,

Ora ngremehake kapinteran manungsa liyane,

Bisa gunani saka kapinterane mau,

Kabeh polah lakune nguntungake awakedhewe,

Kapinterane ditutupi,

Bodhone dideleh ngarep,

Karepe supaya dihina,

Karo padha-padha manungsa,

Seneng lan bungah yen dihina sapadha-padha.

  • SINOM PADA 2

Ingsun uga tan mangkana,

balilu kang sun alingi,

kabisan sun dekek ngarsa,

isin menek den arani,

balilu ing sujanmi,

nanging batin ingsun cubluk,

parandene jroning tyas,

lumaku ingaran wasis,

tanpa ngrasa prandene sugih carita.

  • Tegese :

Aku uga ora kaya ngono,

Bodho sing tak tutupi,

kemampuan/kepinteran tak deleh ngarep,

Isin yen diarani,

Bodhone ngluwihi,

Nanging sak tenane ya bodho,

Senajan ing njero ati,

Tumindake pengen diarani pinter,

Tanpa ngrasa senajan akeh omonge.

  • SINOM PADA 6 :

Lan aja nalimpang mada,

mring leluhur dhingin dhingin.

Satindake den kawruhan,

ngurangi dhahar lan guling.

Nggone ambanting dhiri,

amasuh sariranipun,

tinemu kang sinedya.

Mungguh wong nedheng Hyang Widdhi,

lamun temen lawas enggale tinekan.

  • Tegese :

Lan aja nyimpang sarta ngelek-elek,

marang para leluhur jaman mbiyen.

Kabeh prilaku kudu dingerteni,

Nyuda/ngurangi mangan lan turu,

Anggone nglatih awake,

Ngresiki awake,

Kanggo nggayuh kekarepan/tujuan,

Kanggo wong sing njaluk marang Gusti,

yen pancen temenan bakal katekan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Serat Wulangreh

Kata Kunci : Tegese tembung angel Pupuh sinom

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 12 Jul 21