Ing ngisor iki sing kalebu parikan yaiku …. * a.

Berikut ini adalah pertanyaan dari AdelliaP8903 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ing ngisor iki sing kalebu parikan yaiku …. *a. Bocah kok ora kena dikandhani, becik ketitik ala ketara
b. Kuning padha kuning ngumpul dadi siji lir pendah podhang reraton
c. Bocah kuwi pancen merak ati, untune miji timun, drijine mucuk eri
d. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu dregep sinau

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Ing ngisor iki sing kalebu parikan yaiku …. *

➡️ d. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau.

Penjelasan

Parikan yaiku ukara sing kedadeyan saka sampiran lan isi. Parikan tegese tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.

  • Parikan nduweni paugeran :

1. Parikan rong gatra :

  1. migunakake purwakanthi guru swara (sajak) : a-a
  2. gatra kapisan minangka sampiran, gatra kaloro minangka isi.

2. Parikan patang gatra :

  1. migunakake purwakanthi guru swara (sajak) : a-b-a-b
  2. gatra kapisan lan kaloro minangka sampiran, gatra katelu lan kapapat minangka isi.

» Tuladha :

Parikan rong gatra :

1. Menang kalah aja nesu

Dadi bocah kang satuhu

2. Mancing wader oleh yuyu

Ben pinter sregep sinau

Parikan patang gatra :

1. Tuku jarit nang Pasar Turi

murah regane maremake ati

Dadi murid kudu ngajeni

marang guru aja sok wani

2. Lunga Bengkulu tuku perkutut

sing ngati-ati dalane gawat

Dhawuhe guru kudu diturut

supaya ngelmune bisa manfaat

  • Pembahasan Opsi :

a. kalebu paribasan

b. kalebu pepindhan

c. kalebu panyandra

d. kalebu parikan ✔️

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Parikan

Kata Kunci : Sing kalebu parikan yaiku

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 01 Jul 21