Perang Bharatayuda Jayabinangun wus lumaku 13 dina. Perang gedhe antarane

Berikut ini adalah pertanyaan dari mirzaghifari8 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Perang Bharatayuda Jayabinangun wus lumaku 13 dina. Perang gedhe antaranePandhawa lan Kurawa iku dumadi ing Tegal Kurusetra. Akeh para prajurit lan senopati
kang seda ing paprangan iku. Saka Kurawa kang gugur antarane Raden Rukmarata,
Patih Tuhayata, Wikatha Boma, lan Boma Wikatha. Dene saka Pandhawa kang wus
gugur yaiku raden Wiratsangka, Raden Utara lan Resi Seta. Katelune gugur ing astane
Resi Bisma.
Prabu Kresna enggal nimbali Raden Arjuna supaya ngutus garwane kang asma Dewi
Srikandhi supaya dadi senopati. Sanadyan rada rangu-rangu, Raden Arjuna tetep ngutus
Srikandhi madeg dadi senopatine Pandhawa tandhing klawan Resi Bisma.
Srikandhi sendhika ing dhawuh, awit pancen watak satriya kudu lila legawa mbelani
negara. Sigra Dewi Srikandhi maju perang nitih jaran warna ireng. Nadyan wanodya
nanging Srikandhi trampil ing yuda lan ulahing gegaman.
Kelakon Srikandhi tandhing yuda klawan Resi Bisma. Perange rame banget. Sauntara
anggone tandhing yuda, Srikandhi menthang langkap. Panah kalepasake lan mlesat kaya
thathit tumama ing jajane Resi Bisma. Sanalika Resi Bisma rubuh sanadyan ora seda.


.Isine crita ing dhuwur yaiku …
A. Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang
wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Bisma.
Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandhi.
B. Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang
wus gugur yaiku Wratsangka, Utara, lan Resi Seta kang seda saka tangane Resi Bisma.
Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandhi.
C. Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang

wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Resi Seta.

Resi Seta dhewe rubuh nalika tandhing karo Resi Bisma.

D. Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang
wus gugur yaiku Bomawikatha lan Wikathaboma kang seda saka tangane Wratsangka
lan Utara. Resi Bisma rubuh nalika tandhing karo Srikandhi.

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Isine crita ing dhuwur yaiku …

➡️ B. Ing Perang Bharatayuda akeh kurban kang gugur. Antarane saka bala Pandhawa kang wus gugur yaiku Wratsangka, Utara, lan Resi Seta kang seda saka tangane Resi Bisma. Resi Bisma dhewe rubuh nalika tandhing karo Srikandhi.

Penjelasan

  • Ringkesane crita :

Perang Bharatayuda antarane Pandhawa lan Kurawa iku dumadi ing Tegal Kurusetra. Akeh para prajurit lan senopati kang seda ing paprangan iku.

  • Saka Kurawakanggugur antarane Raden Rukmarata, Patih Tuhayata, Wikatha Boma, lan Boma Wikatha.
  • Dene saka Pandhawakang wus gugur yaikuRaden Wiratsangka, Raden Utara lan Resi Seta.Katelunegugur ing astane Resi Bisma.

Prabu Kresna enggal nimbali Raden Arjuna supaya ngutus garwane kang asma Dewi Srikandhi supaya dadi senopati.

  • Srikandhi menthang langkap. Panah kalepasake lan mlesat kaya thathit tumama ing jajane Resi Bisma. Sanalika Resi Bisma rubuh sanadyan ora seda.

>> Pembahasan :

→ Dadi, opsi B kang paling trep, amarga ngandharake isine saka jeneng-jeneng kang gugur ing pihak Kurawa lan Pandhawa kang bener, uga ngandharake yen Resi Bisma iku sawise bisa rubuh nalika tandhing karo Srikandhi amarga kena panah.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Crita wayang, Perang Baratayudha, Srikandhi, Resi Bisma, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 04 Aug 21