nggawea tuladhane pepatah jawa : paribasan, bebasan& saloka! saben pepatah

Berikut ini adalah pertanyaan dari cebokgaming788 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

nggawea tuladhane pepatah jawa : paribasan, bebasan& saloka! saben pepatah jawa 3 tuladha & tegesana​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban dan Pembahasan

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

3. Adigang, adigung, adiguna.

✧Tegese : ngendhalekake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.

4. Yitna yuwana lena kena.

✧Tegese : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.

5. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati.

✧Tegese : prakara ngenani wanita utawa lemah, dilabuhi tekane pati.

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

3. Nututi layangan pedhot.

✧Tegese : mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo rekasane.

4. Ngalasake negara.

✧Tegese : wong kang ora manut tatanan.

5. Ngubak-ubak banyu bening.

✧Tegese : gawe rusuh ing panggonan kang wis tentrem.

Saloka

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

—☆ Tuladha :

1. Asu belang kalung wang.

✧Tegese : wong asor nanging sugih bandha donya.

2. Cebol nggayuh lintang.

✧Tegese : wong mlarat nduwe gegayuhan (kekarepan) sing mokal kasembadan.

3. Kacang ora ninggal lanjaran.

✧Tegese : sipate anak ora beda adoh karo sipate wong tuwa.

4. Kemladheyan ngajak sempal.

✧Tegese : wong mondhok ngajak marang rusak.

5. Bathok bolu isi madu.

✧Tegese : wong asor nanging sugih kapinteran.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Paribasan, Bebasan, Saloka

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21