Wacan kanggo soal nomer 6 – 9PANCEN RAGADE GEDHEpengin dadi

Berikut ini adalah pertanyaan dari damar1933 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Wacan kanggo soal nomer 6 – 9PANCEN RAGADE GEDHE

pengin dadi wong sugih
ragade gedhe
pengin dadi wong kajen
ragade uga gedhe banget
pengin dadi wong kawiryan
ragade tansaya gedhe
pengin dadi wong diajeni wong
ragade saya mencit
tegese luru apa bae kudu sangu beya
tegese golek apa bae kudu nganggo sarana
ora mung butuh nglungguhi
klasa kang gumelar
kaya patrape lesmana mandra kumara
6. Isine geguritan ing ndhuwur yen katulis nganggo basa padinan sing bener yaiku .... *
2 poin
A. Urip ing alam donya iki kudu bisa dadi wong sugih, terkenal, lan diregani wong.
B. Yen kepengin dadi wong sugih, kawentar, lan kajen mbutuhake ragad sing gedhe lan upaya sing temen-temen.
C. Nglakoni panguripan kaya nglungguhi klasa gumelar.
D. Sing perlu diconto kanggo panguripan sedina-dina yaiku patrape lesmana mandra kumara
7. “pengin dadi wong sugihragade gedhe” Tembung ragade padha tegese karo.... *
2 poin
A. butuhe
B. pirantine
C. saranane
D. biayane
8. “ora mung butuh nglungguhi Klasa kang gumelar”Tembung "Klasa kang gumelar" iku kalebu unen-unen sing tegese... *
2 poin
A. Mung kari lungguh thok
B. Kari nemu senenge
C. Klasane wis digelari
D. Ora susah nyambut gawe
9. Purwakanthi basa kang tinemu ing geguritan ndhuwur ana ing ukara .... *
2 poin
A. Pengin dadi wong sugih ragade gedhe, pengin dadi wong kajen ragade uga gedhe banget.
B. pengin dadi wong diajeni wong, ragade saya mencit.
C. tegese golek apa bae kudu nganggo sarana, ora mung butuh nglungguhi klasa kang gumelar.
D. pengin dadi wong diajeni wong, ragade tansaya mencit.​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

6. Isine geguritan ing ndhuwur yen katulis nganggo basa padinan sing bener yaiku .... *

➡️ B. Yen kepengin dadi wong sugih, kawentar, lan kajen mbutuhake ragad sing gedhe lan upaya sing temen-temen.

7. “Pengin dadi wong sugih ragade gedhe” Tembung ragade padha tegese karo.... *

➡️ D. Biayane.

8. “Ora mung butuh nglungguhi klasa kang gumelar”. Tembung "Klasa kang gumelar" iku kalebu unen-unen sing tegese... *

➡️ B. Kari nemu senenge.

9. Purwakanthi basa kang tinemu ing geguritan ndhuwur ana ing ukara .... *

➡️ A. Pengin dadi wong sugih ragade gedhe, pengin dadi wong kajen ragade uga gedhe banget.

Penjelasan

8. Nglungguhi klasa gumelar, kalebu bebasan sing tegese wong sing nemu kepenak tanpa melu usaha (rekasa)

9. {Purwakanthi}

a. Purwakanthi guru swara : yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut.

Tuladha :

  1. Tiwas sayah, ora paedah.
  2. Yen gelem obah bakal mamah.
  3. Witing tresna jalaran saka kulina.
  4. Ana awan, ana pangan.

b. Purwakanthi guru sastra : yaiku aksara sastra sing runtut nurut ngarep aksara sigeg (konsonan).

Tuladha :

  1. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebet.
  2. Sing sapa salahbakaleseleh.
  3. Ruruh, rereh, ririh ing wewarah.
  4. Sing wewehbakalwuwuh.

c. Purwakanthi guru basa/lumaksita : yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung.

Tuladha :

1. Angele sok ginawe dhewe,

dheweke tan ngrasa bisa.

2. Tresna iku rasa,

Rasa kang tanpa dhasar.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Purwakanthi, Bebasan, Geguritan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Wangsulan6. Isine geguritan ing ndhuwur yen katulis nganggo basa padinan sing bener yaiku .... *➡️ B. Yen kepengin dadi wong sugih, kawentar, lan kajen mbutuhake ragad sing gedhe lan upaya sing temen-temen.7. “Pengin dadi wong sugih ragade gedhe” Tembung ragade padha tegese karo.... *➡️ D. Biayane.8. “Ora mung butuh nglungguhi klasa kang gumelar”. Tembung

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Jul 21