purwakanthi kaperang dadi 3 sebutno lan kepriye artine ugo wenehono

Berikut ini adalah pertanyaan dari cacaerina40 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Purwakanthi kaperang dadi 3 sebutno lan kepriye artine ugo wenehono contone loro-loro.tolong yang bisa bantu jawab pertanyaan diatas ya!!!! (Gomawoo)​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

Purwakanthi kaperang dadi telu, yaiku:

1. Purwakanthi Guru Swara, yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung, uga diarani runtuting swara vokal. Dadi ing unen-unen sing dikanthi utawa digandheng yaiku "swarane" (a, i, u, e, e', o).

Contone:

Sapa jujur, bakal makmur

Ora cepet, ora ngliwet

2. Purwakanthi Guru Sastra,yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane, lan uga diarani runtuting swara konsonan. Diarani purwakanthi guru sastra mergo nganggo awewaton "sastra" utawa "aksara". Dadi ing ukara perangan sing buri, ana kang nunggal sastra karo perangan sing ngarep utawa ing purwane.

Contone:

Bobot, bibit, bebet

Sluman, slumun, slamet

3. Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita, yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane, yaiku tembung pungkasan ukara sing ngarep, dadi tembung wiwitan ukara candhanke. Purwakanthi guru basa uga diarani runtuting swara tembung; lumaksita. Purwakanthi lumaksita iku akeh-akehe tinemu ana ing wangsalan lan tembang.

Contone:

Bayem arda, ardane ngrasuk busana

Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh igun265 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 28 Feb 22