ngawe drama tentang kehidupan sehari-hari b jawa​

Berikut ini adalah pertanyaan dari sohormpc50 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ngawe drama tentang kehidupan sehari-hari b jawa​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA “ ULANG TAHUN” Kelas 9D Anggi Setyowati Kusuma Putri Annisa Kurniasari Farid Wiyata Hanif Ginti Lintang Sinkyatri Meidy Triputra Utama Yustirama Trilaksito Raharjo

= RUTI = IBU = RANGGA = TANTRI = BAPAK = TANDYA

( ing wanci subuh, wancine umat padha tangi miwiti ngisi wektu kanthi makarya. Ora kaya adat saben, Tantri sing biyasane wis metu saka kamar saperlu wudhu lan shalat. Nanging wektu iki kamare isih tutupan lawang. Saka njaba kamar bapak lan ibune Tantri nyedhaki kamar lan thothok- thothok supaya Tantri ndang tangi. ) Ibu : (Ibu thothok – thothok )”Tan.... wis subuh lho” Bapak : (Amarga ora ana tanggapan saka njero kamar, mula bapak mbukak lawange)” Tan..Tan..Tantri wis subuh.” “Bapak lan Ibune arep menehi surprise kang uwis direncanakake karo kanca-kancane Tantri, Bapak lan Ibune Tantri ethok-ethok lali yen dina iki Tantri ulang tahun.” Tantri : (Tantri nyilakake kemul, gumregah tangi) “Sugeng enjing Pak....Bu....badhe ndawuhi kula punapa,Pak...Bu...?” Bapak : “Lali ya...dina iki tanggal pira lan sasi apa?” Tantri : “Nggih dhereng kesupen lah, Pak.” Ibu : “ La yen ora lali kok kowe ora ndang tangi, Tan ?” Tantri : “Sak eling kula dhinten menika tanggal abang, Pak ? mboten salah ta ?” (Tantri karo mbaten ning njero atine supaya Bapak lan Ibune eling yen dina iki deweke ulang tahun) Bapak : “Yo emang dina iki tanggal abang nanging, opo yen tanggal abang kowe ora sholat ? opo Gusti Allah maringi kowe ambegkan pilih-pilih dina ? lak yo ora ta ?” Ibu : “Kuwi rungokno bapakmu, Tan!” Tantri : “Inggih Pak...Bu...kula ngaku salah.” Bapak :”Yowis...ora opo-opo,sesuk-sesuk meneh ojo dibaleni lho ya!” Ibu :”Tan,iki tanggal 17 agustus lho?” Tantri :”Dinten kamardikane bangsa Indonesia kan, Bu?” Ibu : “iya, iki dina kamardikane bangsa Indonesia.” “Amarga Tantri mikir Bapak lan Ibune lali yen dina iki deweke ulang tahun, banjur Tantri raine kaya ameh nangis lan njawabe kaya wong lara.” :”Ning kok malah sedhih, lan malah kaya bubar nangis?” :”Opo kowe ora seneng yen Indonesia merdeka ta, Tan?” :”Boten kok,Pak.”(Tantri nangis sesenggrukan) :”Yawis, sing penting saiki ayo tangi banjur adus kana, opo kowe ora upacara ning sekolah? Lak diabsen ta ?” Tantri :(Karo ora semangat njawab)”Nggih upacara dhumateng sekolahan,Pak lan diabsen nggihan.” Bapak :Yawis, bapak deleng kowe kaya wong lara,Tan. Yen dina iki ora pengen melu upacara ning sekolah,kena. Ibumu ben gawe layang pamit mengko dititepke kancamu benan. Wis ya...”(Bapak lan Ibune Tantri metu saka kamar, dene Tantri isih ana kamar) Bapak Ibu Tantri Bapak

“Kancane sekolah Tantri sawise rampung upacara, janjian arep dolan ning omahe Tantri, amarga Tantri ora ketok ning sekolah pas upacara mau.” Ruti :”Kula nuwun....!” Tandya :”Kula nuwun....! Rangga :”Kula nuwun...........!” (banter dewe) Tandya :”wee, jo banter-banter,Ngga..?” Rangga :”yo sorry, ra sempurna...?”

“Ibune Tantri mbuka lawang nemoni tamune lan ngaturi mlebu” Ibu :”Wee...Rangga,Ruti,Karo sijine mas sapa iki? Katone durung tau dolan mrene ya....? Tandya:”Kula Tandya,Tante.” Ibu :”Oalah nak Tandya ta jenenge.” Tandya:”Punapa Tantri wonten,tante ? Ibu :”Iya ana. Kae lagi adus. Nak Tandya, ibumu asmane sapa?” Tadya :”Bu Sulis, Tante.” Ibu :”Bu Sulis guru SMP 4 kae ?” Tandya:”Inggih leres.” Ibu :”Lha, ibumu kuwi kancaku SMA.” Tandya:”Oalah kancanipun ibu kula SMA ta.” Ruti :”Rupamu kaya ibumu kok,Tan...feminim.Ha....ha......ha....(Karo ngguyu) Rangga:”Banci ngono karepmu,Rut..?” Tandya:”Maksudmu piye lho kowe...? Ruti :”Ra ana maksud opo-opo i. Ha.....ha....ha...(Karo ngguyu) Ibu :”Bagus,gagah kaya Gathutkaca kok diarani feminim, ora ah. Ibumu mbok diaturi tindak mrene,Tan. Tante kangen.” Tandya:”Inggih mangke kula matur dhateng ibu.” Punapa badhe titip salam sekalian?” Ibu :”Ya ora opo-opo.” Ruti :”Tante, kok mboten diaturi mlebet niki kula lan rencang-rencang?” Ibu :”Ooh iya, tante nganti lali ndawuhi kowe padha mlebu, ayo kene padha mlebu. Lingguh dhisik kana.” “Tantri banjur teka sawise rampung saka adus” Tantri :”Hae..RATUTAN ?” Ibu :” Kok RATUTAN ?”(Karo bingung rupane) Ruti :”Gaul tante. Cekakan saking Rangga, Ruti, Tandya, tante.” ( Ibu manthuk-manthuk banjur nglungani) Ruti :”Wah, you are beatifull. Kok ora teka upacara ?” Rangga:”Hooi, ra melu upacarai piye ta kowe ?” Tantri :”Yaaaa... pisan-pisan ora apa-apa ta.” Rangga:”Ayo metu, biasa makan-makan...” Tanti :”Aku pengen ning omah wae.” Tandya:”Ayo ta. Takpamitake wong tuwamu.” Ruti :”Lagi ana prakara ya... crita wae sapa ngerti RATUTAN bisa dadi malaikat, ha...ha...ha.” Tantri :”Sadhela maneh awake dhewe bakal ngadhepi Ujian. Apa aku bisa ketampa ing SMA1 ya, wong kabeh murid SMP kepengin

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh gabriellasharonpangk dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 22 Feb 22