tolong aku kak plissssss​

Berikut ini adalah pertanyaan dari bulanjanuari264 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tolong aku kak plissssss​
tolong aku kak plissssss​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Pacelathon tema lingkungan nganggo Krama Alus :

  1. Dewi : "Bu, sonten-sonten kok taksih wonten ing kebon?"
  2. Ibu : "Iya, Ndhuk, durung rampung iki."
  3. Dewi : "Taksih napa ta, Bu?"
  4. Ibu : "Resik-resik, Ndhuk."
  5. Dewi : "Lha, niku punapa ingkang panjenengan lampahi Bu?
  6. Ibu : "Iki..aku arep nandur wit gedhang sing dijaluk karo bapakmu kae lho."
  7. Dewi : "Oalah, nalika wingi sonten, kula nggih mireng menawi bapak sambat kaliyan ibu babagan punika."
  8. Ibu : "Iya Ndhuk, bapak lara kulit tangane, njaluk diobati nganggo godhong gedhang."
  9. Dewi : "Oalah, inggih Bu. Nembe ngertos kula menawi ron gedhang saged kagem tamba gerah kulit."
  10. Ibu : "Ora mung kuwi Ndhuk, jik ana maneh kasiyate kanggo lingkungan."
  11. Dewi : "Wah, punapa Bu?."
  12. Ibu : "Godhong gedhang iku kena kanggo bungkus panganan sing kualitase luwih sehat, aman, praktis, higienis, lan ramah lingkungan."
  13. Dewi : "Ramah lingkungan punika, napa bu?"
  14. Ibu : "Ramah lingkungan kuwi produk sing digawe kanthi cara manut aturan supaya lingkungane tetep resik lan ora ngrusak ekosistem."
  15. Dewi : "Ooo nggih Bu, kula sakniki langkung ngertos."

Penjelasan

  • Ibu nganggo basa Ngoko, Dewi nganggo basa Krama Alus.
  • Amarga panganggone basa Ngoko iku digunakake wong tuwa marang anak.

Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawijining bab.

  • Titikan teks pacelathon :

1) katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana)

2) nggunakake ukara kandha

3) isine pangajak lan panerang

4) cacahing paraga loro utawa luwih

5) nggunakake ukara cekak aos

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Pacelathon, Krama alus

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 19 Jul 21