njurungi kajating dasih tegese yaiku?​

Berikut ini adalah pertanyaan dari brilianshakabramanty pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Njurungi kajating dasih tegese yaiku?​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ Tegese nulungi kepinginan/gegayuhan abdine/umate.

Penjelasan

  • Njurungi tegese ngrewangi, nulungi
  • Kajating tegese kepinginan, gegayuhan, kekarepan
  • Dasih tegese batur, umat, abdi

__________________

Pangeran kang sipat murah,

njurungi kajating dasih.

Ingkang temen tinemenan,

pan iku ujare dalil.

Nyatane ana ugi,

nenggih Ki Ageng Tarub,

wiwitira nenedha.

Tan pedhot tumekeng siwi,

wayah buyut canggah warenge kang tampa.

  • Tegese :

Gusti kang sipat murah,

nulungi kepinginan umate,

Sing temenan bakal dikabulake,

amarga iku ujare ing dalil,

nyatane ana uga,

yaiku Ki Ageng Tarub,

Kat dheweke nyuwun,

ora pedhot nganti anak,

wayah (cucu), buyut, canggah wareng sing nampa.

  • Kalebu tembang sinom.

» Paugeran Sinom :

  1. Guru gatra : 9 gatra
  2. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Sinom, Wulangreh, Pangeran kang sipat murah, Njurungi kajating dasih

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 20 Aug 21