kaosan saka tembung linggaTembung-tembung lingga sajerone kurung jroning ukara ing

Berikut ini adalah pertanyaan dari elmiagustin087 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Kaosan saka tembung linggaTembung-tembung lingga sajerone kurung jroning ukara ing ngisor iki
wenehana panambang sing mathuk supaya dadi tembung andhahan!
1. Raket iki tibake
....(cekel) kok entheng banget.
2. Jangane tewel.....
(panas) ben ora mambul
3. Segane brekat..
.... (pangan) dhisik, Har!
4. Peleme...
(oncek) dhisik, arep dienggo rujakan!
5. Yen ing njero panas.....
(metu) mrene wae lo!
6. Jajan sing wis kokpangan kuwi.......
(bayar) dhisik!
7. Tibake sing ilang wingi......
(dhuwit) adhik.
8. Jogan sing isih reges iki.......
(sapu) dhisik!
9. Tulung pacule iki.......
(gawa) mulih maneh.
10. Supaya ora kadhemen.....
(kemul) sarung​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

  1. Raket iki tibake cekelane kok entheng banget.
  2. Jangane tewel panasana ben ora mambu!
  3. Segane brekat panganen dhisik, Har!
  4. Peleme oncekana dhisik, arep dienggo rujakan!
  5. Yen ing njero panas, metua mrene wae lho!
  6. Jajan sing wis kokpangan kuwi bayaren dhisik!
  7. Tibake sing ilang wingi dhuwite adhik.
  8. Jogan sing isih reget iki saponana dhisik!
  9. Tulung pacule iki gawanen mulih maneh.
  10. Supaya ora kadhemen, kemulan sarung.

Penjelasan

  • Panambang (Akhiran)

→ Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung. Panambang iku sabenere ana akeh maceme, ning ing kene mung dirembug sing kerep digunakake kaya dene -ku, -mu, -e, -an, -i, -a, -an, -na, -ana, -en, lan -ake.

» Tuladha :

  1. sepatu + -ku → sepatuku
  2. kursi + -mu → kursimu
  3. sega + -e → segane (*dudu segae)
  4. tulis + -an → tulisan
  5. suwek + -i → suweki
  6. tuku + -a → tukua
  7. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  8. tali + -ana → talenana (*dudu taliana)
  9. garap + -en → garapen
  10. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 - Wuwuhan

Kata Kunci : Panambang

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 22 Aug 21