wacan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan

Berikut ini adalah pertanyaan dari Sakani24 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Wacan kang isine nggambarake sawijining obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) kanthi cetha. saengga sapa kang maca karangan iki kaya-kaya weruh dhewe obyek kang digambarake ana ing jroning karangan, diarani wacan....A.Argumentasi

B.Deskriptif

C.Naratif

D.Persuasi

E.Eksposisi



Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

➡️ diarani wacan Deskriptif (b).

Penjelasan

Wacan Deskriptif yaiku wacan kang ditulis kanthi tujuan ngandharake samubarang (obyek), jlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami dhewe.

>> Struktur wacan deskriptif :

  • Idhentifikasi : obyek, panggon, utawa barang kang diandharake kanthi umum.
  • Klasifikasi : ngandharake bagean-bagean obyek.
  • Dheskripsi bagean : ngandharake bagean-bagean kanthi rinci.

>> Titikane wacan deskriptif :

  1. Nggambarake samubarang kanthi cetha.
  2. Njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya.
  3. Pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane.
  4. Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda, lan kahanan liyane.

>> Tuladha wacan deskriptif :

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Teks Deskriptif

Kata Kunci : wacan kang isine nggambarake sawijining obyek

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 14 Jul 21