Gatekna wacan ing ngisor iki lan wangsulana pitakonan ing ngisore

Berikut ini adalah pertanyaan dari lel338174 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gatekna wacan ing ngisor iki lan wangsulana pitakonan ing ngisore iki!Wit Trembesi karo Pari Ing pinggir sawah ana Wit Trembesi utawa Wit Munggur, godhonge ngrembuyung ketel. Panggonan ing ngisore kono dadi eyub lan adhem. Wong liwat akeh sing leren ing ngisor Wit Trembesi. Ing sandhinge ana Wit Pari saeler, kliwatan ora dieneni parine. Munggur celathu, "He Pari, geneya kowe kok isih ana kono, jegil ijen ora ana rewange. Sawangen kae, sadulur-sadulurmu wis padha dipaneni, mung kari

tunggake bae sing isih ana ing sawah. Aku ngerti, manungsa olehe ora ngundhuh wohmu, marga kowe kuru nyekingkring kaya wong murus. Godhongmu pating sluwir ngono kuwi kenane mung kanggo ngaub walang. Sawangen awakku. Lemu dilepeh, godhongku ngrembuyung bisa kanggo ngeyub wong lelungan. Patute aku iki kena sinebut rajaning wit-witan. Ngendi ana wit sing godhonge ketel kaya godhongku?"

Durung tutug olehe guneman, ana angin gedhe, mendhung ireng nglumpuk pener ing dhuwure Munggur mau. Bres, udan deres kaya disorake. Godhong Trembesi nadhahi banyu udan mau, krasa abot banget. Abote ora sepira yen semana ora ana angin. Bareng angine ya gedhe, dadi Trembesi kaya dijorogake, reketeg, reketeg. breg, jreganggang ing sawah. Oyode dhungkar, rantas, ora kuwat cekelan ing jero lemah. Si Pari tetep ngadeg ing kono. Keterak ing angin mung mentelung bae. Sireping angin iya banjur jejeg maneh.

Liya dina sing duwe sawah ngasag parine, isih ana sawatara sing kliwatan. Bareng lakune tekan ing pari sandhinge trembesi mau, weruh yen landhung, mentes, kuwi didhewekake arep kanggo bibit. Pari kuwi tembene bisa dadi wit pari sing seger thukule.

Wohe mentes, wulene dawa-dawa, ora beda karo bibite. Dadi sing mau diwada nyekingkring, bisa nurunake tanduran sing ledhung-ledhung lan akeh asile. Turun tumurun nganti pirang-pirang turunan tanpa wates. Si Trembesi sing jrebabah mau pange dikethoki Pak Tani, dianggo kayu obong, ora ana tabete, lan lelabuhane kang katon. Mung dhelege digraji digawe blabag, nanging anggone ora suwe, wekasan dadi kayu obong.

1. Sebutna tokoh kang ana ing dongeng kasebut!

2. Ing ngendi papan kadadeyane dongeng kasebut?

Wangsulan:. 3. Kepriye watake Wit Trembesi?

4. Kepriye pungkasane Wit Trembesi?

5. Apa sing diendel-endelake Wit Trembesi?




jawab yang bener kalongak gua laporin​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1.wit trembesi karo pari ing pinggir

2.sawah

3.gadhonge ketel koyo godongku

4.durung tutuk

5.oyode duwur

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh endriktongos221 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 02 Dec 21