D. Jodhokna karo pratelan kang wis disedhiyakake!1. (...) Iwak lumebu

Berikut ini adalah pertanyaan dari sunaryoagus246 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

D. Jodhokna karo pratelan kang wis disedhiyakake!1. (...) Iwak lumebu wuwu.
2. (....) Kaya banyu karo lenga.
3. (....) Gajah ngidak rapah.
4. (....) Njunjung ngentebake.
5. (....) Welas tanpa alis.
6. (....) Tumbak cucukan.
7. (...) Sumur lumaku tinimba.
8. (....) Ora ana banyu mili mandhuwur.
9. (....) Ngajari bebek nglangi.
10.(....) Kebo nusu gudel.
Wangsulan:
a. Wong kang nerjang wewalere dhewe.
b. Karepe welas malah gawe kapitunan.
c. Wong tuwa njaluk warah wong enom.
d. Wong sing kumudu-kudu dijaluki piwulang.
e. Pagawean sing ora ana paedahe.
f. Wong kena apus kanthi gampang.
g. Ngalembana nanging duwe niyat ngasorake.
h. Wong kang ora bisa rukun.
i. Watake anak biasane niru wong tuwane.
j. Wong sing seneng adu-adu.
ON​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. (...) Iwak lumebu wuwu.

➡️ f. Wong kena apus kanthi gampang.

2. (....) Kaya banyu karo lenga.

➡️ h. Wong kang ora bisa rukun.

3. (....) Gajah ngidak rapah.

➡️ a. Wong kang nerjang wewalere dhewe.

4. (....) Njunjung ngentebake.

➡️ g. Ngalembana nanging duwe niyat ngasorake.

5. (....) Welas tanpa alis.

➡️ b. Karepe welas malah gawe kapitunan.

6. (....) Tumbak cucukan.

➡️ j. Wong sing seneng adu-adu.

7. (...) Sumur lumaku tinimba.

➡️ d. Wong sing kumudu-kudu dijaluki piwulang.

8. (....) Ora ana banyu mili mandhuwur.

➡️ i. Watake anak biasane niru wong tuwane.

9. (....) Ngajari bebek nglangi.

➡️ e. Pagawean sing ora ana paedahe.

10.(....) Kebo nusu gudel.

➡️ c. Wong tuwa njaluk warah wong enom.

Penjelasan

Paribasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah.

—☆ Tuladha :

1. Kebat kliwat, gancang pincang.

✧Tegese : tumindak kanthi kesusu, asile ora bakal maremake.

2. Anak polah bapak kepradhah.

✧Tegese : tingkah polahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwane.

Bebasan

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake kahanan lan ulah-kridhane manungsa.

—☆ Tuladha :

1. Nglungguhi klasa gumelar.

✧Tegese : mung kari nemu penake.

2. Suduk gunting tatu loro

✧Tegese : tumindak ora bener pisan, njalari kapitunan (kerugian) rong werna.

Saloka

» Unen-unen sing ajeg panganggone, duwe teges pepindhan, sing dipindhakake utawa dibandhingake wonge.

—☆ Tuladha :

1. Asu belang kalung wang.

✧Tegese : wong asor nanging sugih bandha donya.

2. Cebol nggayuh lintang.

✧Tegese : wong mlarat nduwe gegayuhan (kekarepan) sing mokal kasembadan.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 2 - Budaya

Kata Kunci : Paribasan, Bebasan, Saloka lan tegese

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.2

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Fri, 23 Jul 21