Miturut jinise karangan wujud gancaran iku ana warna lima

Berikut ini adalah pertanyaan dari novileutik5545 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Miturut jinise karangan wujud gancaran iku ana warna lima

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

Miturut jinise karangan wujud gancaran iku ana warna lima.....

➡️ Yaiku Eksposisi, Narasi, Dheskripsi, Argumentasi, lan Persuasi.

Penjelasan

1. {Gancaran Eksposisi}

→ yaiku karangan kang njlentrehake utawa medharake sawjijing bab saengga bisa njembarake kawruhe pamaca. Wacan eksposisi kuwi asipat ilmiah utawa non-fiksi.

2. {Gancaran Narasi}

→ yaiku karangan kang ngandharake utawa nyritakake kedadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan utawa kronologis, saengga sing maca kaya ngalami tenan.

3. {Gancaran Dheskripsi}

→ yaiku karangan kang menehi gambaran samubarang obyek (bisa panggonan utawa wewujudan liyane) marang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.

4. {Gancaran Argumentasi}

→ yaiku karangan kang njlentrehake sawenah bab kanthi bukti - bukti kang kuwat, nganti kang maca melu mbenerake lan nyakin marang bab kasebut

5. {Gancaran Persuasi}

→ yaiku karangan kang njlentrehake saweneh bab kanthi cetha lan sipate ngajak, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang

Kata Kunci : Karangan wujud gancaran

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21