Ukara iki dadekna krama lugu lan krama alus!1.Ibu lunga menyang

Berikut ini adalah pertanyaan dari intansyahvira31 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Ukara iki dadekna krama lugu lan krama alus!1.Ibu lunga menyang pasar tuku janganan.
2.Aku dikongkon ibu tuku gula.
3.Bukune digawa mulih Bu Guru.
4.Bu Sri ora mulang, amarga lara
5.Eyang lagi teka saka Semarang.
6.Segane mau apa wis kokpangan?
7.Kowe mau teka kene numpak apa?
8.Aja mulih, turu kene wae.
9.Kowe apa sida lunga menyang Sala?
10.Kowe mau bengi turu jam pira?

jgn ngawur :)​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

krama lugu

1.Ibu lunga menyang pasar tuku janganan.

ibu kesah dhateng peken tumbas janganan

2.Aku dikongkon ibu tuku gula.

kula dikengken ibu tumbas gendis

3.Bukune digawa mulih Bu Guru.

bukune dibeta wangsul bu guru

4.Bu Sri ora mulang, amarga lara

bu sri mnoten mucal amargi sakit

5.Eyang lagi teka saka Semarang.

eyang nembe dugi sangking semarang

6.Segane mau apa wis kokpangan?

sekule kalawau menapa sampun dimaem?

7.Kowe mau teka kene numpak apa?

sampean kalawau dugu mriki nitih menapa?

8.Aja mulih, turu kene wae.

mboten sisah wangsul tilem mriki mawon

9.Kowe apa sida lunga menyang Sala?

sampean menapa sios kesah dhateng solo?

10.Kowe mau bengi turu jam pira?

sampean kalawau dalu tilem jam pinten?

krama alus

1.Ibu lunga menyang pasar tuku janganan.

ibu tindhak dhateng peken mundhut janganan

2.Aku dikongkon ibu tuku gula.

dalem diutus ibu mundhut gendis

3.Bukune digawa mulih Bu Guru.

bukunipun diasta kondur bu guru

4.Bu Sri ora mulang, amarga lara

bu sri mboten ngasta amargi gerah

5.Eyang lagi teka saka Semarang.

eyang nembe rawuh sangking semarang

6.Segane mau apa wis kokpangan?

sekulipun kalawau menapa sampun di dhahar?

7.Kowe mau teka kene numpak apa?

panjenengan kalawau rawuh mriki nitih menapa?

8.Aja mulih, turu kene wae.

mboten sisah kondur sare mriki kemawon

9.Kowe apa sida lunga menyang Sala?

panjenengan menapa sios tindhak dhateng solo?

10.Kowe mau bengi turu jam pira?

panjenengan kalawau dalu sare jam pinten?

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Jofia11 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 11 Nov 21