Nora eca dahar lawan guling,ibu nira rumeksa ing sira,dhahar sekul

Berikut ini adalah pertanyaan dari natasyaacy236 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Nora eca dahar lawan guling,ibu nira rumeksa ing sira,

dhahar sekul uyah bae,

tan ketang wejah luntur,

nyakot bathok dipunlampahi,

saben ri mring bengawan,

pilis singgul kalampahan,

ibu nira rumeksa duk sira alit,

mulane den rumangsa.

4. Terangna apa sing dikarepake karo : dhahar sekul uyah bae, tan ketang wejah

luntur, nyakot bathok dipun lampahi- ? Terangna panemumu!

5. Piwulang apa sing bisa kajupuk saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur?

TOLONG SECEPATNYA YA​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

4. Dhahar sekul uyah bae, tan ketang wejah luntur, nyakot bathok dipun lampahi karepe ibumu kuwi direwangi mung mangan sega karo uyah wae, ngombe jamu seanane, lan nganti trima nglakoni nyakot bathok klapa supaya tetep bisa njaga awakmu nalika cilik.

5. Piwulang kang bisa kajupuk yaiku → Kudu bisa rumangsa lan bekti marang ibu, amarga pangorbanane njaga kowe nalika cilik iku rekasa banget. Trima nglakoni apa wae supaya uripmu bakale kepenak. Mula, aja wani karo ibumu.

Penjelasan

  • Dhandhanggula :

Nora eca dahar lawan guling,

ibunira rumeksa ing sira.

Dhahar sekul uyah bae.

tan ketang wejah luntur,

nyakot bathok dipun lampahi.

Saben ri mring bengawan,

wuwun lawan bekung,

pilis singgul kalampahan.

Ibunira rumeksa duk sira alit,

mulane den rumangsa.

  • Tegese :

Ora enak mangan lan turu,

Nalika ibumu njaga kowe,

Mangan sega uyah wae,

Senajan mung ngombe jamu sak anane,

Nyokot bathok klapa trima dilakoni,

Saben lunga menyang kali,

Kanthi nangis lan atine sedhih,

Nanging iku ditutupi kanthi param ing bathuke (dahi),

Iku angele ibumu njaga kowe nalika isih cilik,

Mulane kudu padha bisa rumangsa.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 9

Materi : Piwulang - Macapat

Kata Kunci : Dhandhanggula

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 9.13

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 03 Aug 21