kak tolong bantu jawab plis yg pintar bhs jawa

Berikut ini adalah pertanyaan dari diansaripbg pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

kak tolong bantu jawab plis yg pintar bhs jawa tolong di jawab PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS ? ​
 kak tolong bantu jawab plis yg pintar bhs jawa tolong di jawab PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS PLIS ? ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Ngowahi ukara dadi ragam basa.

1. Bapak mangkat nyambut gawe sawise Dhahar.

Ngoko Alus = bapak bidal nyambut gawe sauwise dhahar.

Krama lugu = bapak bidal nyambut damel Saksampune nedha.

Krama Alus = bapak bidal ngasta damel Saksampunipun Dhahar.

2. Ibu saking pasar tuku klambi kanggo bapak.

Ngoko Alus = ibu saka pasar mundhut klambi kanggo bapak.

Krama lugu = ibu saking peken tumbas rasukan kangge bapak.

Krama Alus = ibu saking peken mundhut ageman kagem bapak.

3. Bapak mau esuk aweh dhuwit kanggo tuku LKSku.

Ngoko Alus = bapak mau esuk Maringi dhuwit kanggo mundhut LKSku.

Krama lugu = bapak wau enjing nyukani yatra kangge tumbas LkS kula.

Krama Alus = bapak kalawau enjing Maringi arta kagem mundhut LKS Kula.

4. Simbah ora bisa mlaku amarga lara sikile.

Ngoko Alus = Simbah ora bisa tindak amarga lara ampeyane.

Krama lugu = Simbah mboten saged mlampah amargi sakit sukune.

Krama Alus = eyang mboten saged tindak amargi gerah ampeyanipun.

5. Mas Didik, kowe duwe umah neng ngendi?

Ngoko Alus = mas Didik, panjenengan duwe omah neng ngendi?

Krama lugu = mas Didik, sampeyan gadhah griya ten pundi?

Krama Alus = mas Didik, panjenengan kagungan dalem wonten pundi?

__________________

Pembahasan

Unggah ungguh basa yaiku aturan adat istiadat ing tlatah Jawa utawa babadan sopan santun, tata krama, tata susila, nanging nggunakake basa Jawa.

Unggah ungguh basa ana 2 :

1. Ngoko :

Ngoko lugu

Ngoko alus

2. Krama :

Krama lugu

Krama alus

⚫ Ngoko lugu

Basane ngoko, ora kecampuran tembung Krama.

→ panggonane :

padha kanca sadrajat

marang wong kang luwih enom

tuladhane :

Kowe arep menyang endi?

⚫ Ngoko alus

Basane ngoko, kecampuran Krama Inggil.

sing dikramakne :

wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih

panindake, umume arupa tembung kriya

kaduwekane, awujud tembung Aran

panggonane :

dulur enom marang dulur tuwa

kapernah tuwa nanging derajate luwih dhuwur

wong sadrajat kang padha ngajeni

ibu marang bapak sing kulina Ngoko

tuladhane :

Panjenengan arep tindak menyang endi?

⚫ Basa Krama lugu

Basane Krama, ora dicampur ngokolan krama inggil. Ater ater lan panambange sing dikramakne.

panggonane :

wong sadrajat sing durung akrab

wong sing durung kenal

tuladhane :

sampeyan badhe kesah ten pundi?

⚫ Basa Krama Alus

Basane luwih Alus lan luwih ngajeni, sing dikramakne wonge, panindake lan kaduwekane, nanging awake dhewe ora dikramakne.

panggonane :

wong enom marang wong tuwa

marang wong sing dhuwur drajate

tuladhane :

Panjenengan badhe tindak pundi?

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah ungguhing basa
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 06 Jan 22