gawea parikan sing dumadi saka (4.4) × 2​

Berikut ini adalah pertanyaan dari yogi95440 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Gawea parikan sing dumadi saka (4.4) × 2​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Parikan :

1. Iwak bandheng, durung payu (4w + 4 w)

Priya nggantheng, sugih ngilmu (4w + 4w)

2. Cilik-cilik, gelang karet (4w + 4w)

Isih cilik, aja kesed (4w + 4w)

3. Tawon madu, ngisep sekar (4w + 4w)

golek ngilmu, kudu sabar (4w + 4w)

Penjelasan

{Parikan}

Parikan yaiku ukara sing kedadeyan saka sampiran lan isi.

  • Parikan tegese tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
  • Ing basa Indonesia, parikan iku diarani pantun.

>> Ciri-cirine :

  1. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
  2. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi.
  3. Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
  4. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
  5. Bisa kedadeyan saka patang wanda sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.

>> Parikan manut cacahing wandane :

1. Parikan kadadeyan saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

2. Parikan kadadeyan saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

3. Parikan kadadeyan saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

- Tuladha :

1. Abang-abang ora legi,

klambi abang merak ati

2. Ngasah arit, nganti landhep,

dadi murid, kudu sregep.

3. Wajik klethik, gula jawa,

Kalah dhisik, ora papa.

Waca maneh

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 5

Materi : Piwulang 6 - Perangan awak

Kata Kunci : Parikan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 5.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 07 Jul 21