Saiki jamane pandemi covid 19. Kabeh uwong padha kuatir, amarga

Berikut ini adalah pertanyaan dari khoirchoi88 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Saiki jamane pandemi covid 19. Kabeh uwong padha kuatir, amarga ana virus corona. Aja lalinglaksanakake 3M. Wacan kuwi owahana dadi basa krama !​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

>> Basa krama :

➡️ Samenika jamanipun pandemi Covid 19. Sedaya tiyang sami kuwatos amargi wonten virus Corona. Ampun kesupen nindakaken 3M.

Penjelasan

Basa Krama yaiku basa sing digunakake kanggo omong-omongan marang wong sing luwih tuwa utawa sing luwih diajeni.

  • Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku :

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

- Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung akuowah dadikula.

- Tembung koweowah dadipanjenengan.

- Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula tumbas buku dhateng toko Wijaya.

☞ {Krama Lugu}

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

- Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

- Ater-ater lan panambang dikramakake.

- Tembung akuowah dadikula.

- Tembung koweowah dadisampeyan.

Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 - Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Tue, 20 Jul 21