Samangsane pasamuan // mamangun marta martani // sinambi ing saben

Berikut ini adalah pertanyaan dari fathufailah738 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Samangsane pasamuan // mamangun marta martani // sinambi ing saben mangsa // kala kalaning asepi // lelana teki-teki // nggayuh geyonganing kayun // kayungyun eninging tyas // sanityasa prinihatin // puguh panggah cegah dhahar lawan nendra. Wangsulana pitakonan kasebut kanthi praktis.1. Critakna tembang sinom ing dhuwur nganggo basamu dhewe!
2. Golekana paugeran tembang sinom miturut tembang ing dhuwur!
3.Apa pitutur saking tembang sinom ing dhuwur iku​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Nalika saben paklumpukan iku kudu mbangun sikap ngerti dhiri. Saben ana kesempatan ing wektu sepi, bisa ngumbara kanggo semedi supaya nggayuh kekarepan utama. Aja nganti kepincut karo rasa hening ing ati, tansah urip njaga ati supaya prihatin, lan kanthi tekad kuwat kanggo ngurangi mangan utawa turu.

2. Paugeran sinom :

  1. Guru gatra : 9 gatra
  2. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
  3. Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

3. Kudu bisa mbangun sikap ngerti dhiri, aja nganti kepincut rasa hening ing ati, tansah prihatin lan kanthi tekad kuwat kanggo ngurangi mangan utawa turu.

Penjelasan

Samangsane pasamuwan,

Mamangun marta martani,

Sinambi ing saben mangsa,

Kala kalaning asepi,

Lelana teki-teki,

Nggayuh geyonganing kayun,

Kayungyun heninging tyas,

Sanityasa prinihatin,

Puguh panggah cegah dhahar lawan guling.

  • Tegese :

Nalika saben paklumpukan,

Mbangun sikap ngerti dhiri,

sinambi ing saben kesempatan,

Nalika ing wektu sepi,

ngumbara kanggo semedi,

nggayuh kekarepan ing ati,

kepincut heninging ati,

Tansah urip prihatin,

Kanthi tekad kuwat kanggo ngurangi mangan lan turu.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Sinom, samangsane pasamuan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sat, 03 Jul 21