1.A. Pilihen jawaban sing paling bener!Wacan ing ngisor iki wacanen

Berikut ini adalah pertanyaan dari tatafidani pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

1.A. Pilihen jawaban sing paling bener!

Wacan ing ngisor iki wacanen kanggo mangsuli pitakon no 1 nganti 5!
...................................
”Hutan Indonesia Paru-Paru Dunia” ukara kuwi ing saben-saben
dina pengetan Lingkungan Hidup mesthi dikumadhangake saindenge
donya. Alas ing bumi Indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba
sadonya. Alas tropis mujudake prodhusen oksigen sing paling gedhe
sadonya. Mula ora salah yen alas Indonesia diarani paru-parune donya.
Kanyatane saiki alas ing Indonesia meh kabeh wis rusak. Rusake
alas ing Indonesia disebabake saka bencana alam lan saka pokal gawene
manungsa. Rusak merga saka bencana alam, umpamne: gunung
mbledhos, gempa bumi/lindhu, yen rusake amarga kobong, banjir
bandhang, tanah longsor bisa uga disebabake pokal gawene manungsa.
Panguripan ing ngendi wae mbutuhake oksigen. Ora mung
manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat, sing bisa
mrodhuksi oksigen sing resik ya tanduran sing subur. Tanduran bisa
subur yen lemahe uga subur. Subure lemah kuwi yen akeh humuse lan
cukup banyune, humuse sing akeh asale saka godhong-godhong sing
gogrog nutupi lemah, banyune akeh yen ana oyod-oyode wit gedhe sing
bisa nandhon banyu sajroning lemah. Mulane ayo dilestarekake alase
supaya tetep bisa dadi paru-parune donya.

Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa slogan
yaiku…..

A. Alasku paru-paruku

B. Alasku sehat, paru-paruku sehat

C. Alasku paru-parune donya

D. Lestari alasku, lestari bumiku


2.Ukara inti ing paragrap 1 wacan ing dhuwur yaiku


A. Alase rusak, paru-parune donya rusak.

B. Alas Indonesia paru-parune donya

C. Alas Indonesia kuwi alas tropis

D. Alas tropis prodhusen oksigen.


3.Ukara inti ing paragrap 2 wacan ing dhuwur yaiku .....

A. Alase Indonesia rusak kabeh.

B. Alase Indonesia dirusak menungsa.

C. Indonesia bencana gempa bumi.

D. Lemahe Indonesia longsor kabeh


4.Ukara sing dadi cirine teks persuasi wujud pangajak ana ing paragrap
….

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

tolong dijawab ya hari ini sudah harus dikumpulkan ​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

D 4

Penjelasan:

MÀAF KALO SALAH YA KAN SAMA" BELAJAR

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh ditalisti866 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 09 Dec 21