Apa batangane cangkriman “Ditekak gulune, banjur nguyuhi?”​

Berikut ini adalah pertanyaan dari graciaputri1612 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Apa batangane cangkriman “Ditekak gulune, banjur nguyuhi?”​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsuli pitakon

Ditekak gulune, banjur nguyuhi batangane kendhi.

__________________

Pembahasan

Tembung Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang amarga awujud teka teki utawa bedhekan.

Jenising Cangkriman ana 4 :

1. Cangkriman wancahan, yaiku Cangkriman wujud wancahan utawa cekakan utawa singkatan.

tuladha :

  • burnaskopen batangane bubur panas kokopen.
  • pakbolentus batangane tapak kebo lelene satus.
  • butamburi batangane tebu ditata mlebu lori.
  • lsp

2. Cangkriman Blenderan, yaiku Cangkriman wujud plesetan utawa pitakon sing gunane kanggo ngecoh lawane.

tuladhane :

  • gajah ngidak endhog ora pecah, batangane sing ora pecah gajahe.
  • sandhal iku mereke cap RATU, batangane RATU = oRA TUku
  • lsp

3. Cangkriman pepindhan, yaiku Cangkriman sing ngemu surasa irib iriban.

tuladha :

  • dikethok malah dhuwur, batangane clana.
  • anake diidak Idak ibune dielus elus, batangane Andha.
  • bocah cilik nggendhong anak, batangane bekecot utawa keyong.
  • lsp

4. Cangkriman tembang, Cangkriman kang mapan utawa kang sinawung ing tembang.

tuladha :

  • bapak pocung, cangkemu madhep mandhuwur, sabane ing sendhang, pencokanmu lambung kering prapteng wisma sipocung mutah guwaya, batangane klenthing utawa adah banyu.
  • lsp

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 6
  • Materi : Tembung Cangkriman
  • Kode : 13

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh Bongcha24 dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Sun, 30 Jan 22