Tembang macapat sing nduweni 9 gatra diarani tembang? bantu jawab

Berikut ini adalah pertanyaan dari anandarevalindo pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Tembang macapat sing nduweni 9 gatra diarani tembang?

bantu jawab gais​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Tembang macapat sing nduweni 9 gatra diarani tembang. . .

➡️ Sinom.

Penjelasan

» Paugeran Sinom :

  • Guru gatra : 9 gatra.
  • Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12.
  • Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a

» Watak Sinom :

  • Watake canthas, trengginas, sabar, grapyak, lan sumanak, lumrah kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur.

» Sasmitane Sinom :

  • taruna, anom, weni, srinata pamase, logondang, rema, nom, sinom, pangrawit, mudha

» Falsafah Sinom :

  • Sinom ateges kanoman, minangka wektu longgar sing paling penting kanggone wong anom supaya bisa golek ilmu sak akeh-akehe.

» Tuladha tembang Sinom :

Nuladha laku utama

Tumrape wong tanah Jawi

Wong agung ing Ngeksiganda

Panembahan Senopati

Kapati amarsudi

Sudaning hawa lan nepsu

Pinesu tapabrata

Tanapi ing siyang ratri

Amemangun karyenak tyasing sasama

» Tegese :

Nyontoho tumindak kang becik

Kanggone wong Jawa

Wong luhur saka Mataram

Panembahan Senopati

Tumemen anggone usaha

Ngurangi hawa lan nepsu

Kanthi cara prihatin

Prihatin ing siang lan wengi

Tansah nyambut gawe tentreme sapadha-padha

» Paugeran Macapat :

  1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).
  2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
  3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasane gatra.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 6 - Macapat

Kata Kunci : Guru gatra 9 yaiku tembang Sinom

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Thu, 29 Jul 21