#mbabar wawasantolong jawab,ngasal reportjangan lihat poinnyamakasih kl mau jawab​

Berikut ini adalah pertanyaan dari arsyilazareena pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

#mbabar wawasan
tolong jawab,ngasal report
jangan lihat poinnya
makasih kl mau jawab​
#mbabar wawasantolong jawab,ngasal reportjangan lihat poinnyamakasih kl mau jawab​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Wangsulan

1. Wacanen tembang sing migunakake aksara Jawa ing dhuwur kang premati!

➡️ Raden Kumbakarna

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

Sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu, 

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan kengguh ing atur yekti,

De mung mungsuh wanara.

2. Apa irah-irahane tembang ing dhuwur?

➡️ Raden Kumbakarna.

3. Tembang ing dhuwur ana pirang gatra?

➡️ 10 gatra.

4. Jlentrehna guru wilangan lan guru lagune!

➡️ Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.

Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

5. Kalebu tembang apa?

➡️ Tembang Dhandhanggula.

6. Jelasna isine tembang ing dhuwur!

➡️ Isine nyritakake Raden Kumbakarna sing awujud buta, nanging nduweni kepenginan nggayuh kautaman. Dheweke uga menehi pepeling marang kakange supaya negarane tetep slamet.

7. Terangna pitutur luhur saka tembang ing dhuwur!

➡️ Aja rumangsa wis bisa segalane, kudu nggugu marang piweling sing ngajak kabecikan. Elinga nalika kowe wis rumangsa bisa, isih ana wong sing luwih bisa saka awakmu.

Penjelasan

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

Sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu, 

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan kengguh ing atur yekti,

De mung mungsuh wanara.

  • Tegese :

Ana maneh tuladha sing becik,

Satriya agung saka nagari Ngalengka,

Sang Kumbakarna jenenge,

Senajan wujude buta,

Nanging nduweni kekarepan utama,

Saka Awit perang Ngalengka,

Dheweke menehi piweling,

Marang kakange supaya Ngalengka slamet,

Dasamuka ora nggugu ature dheweke,

Amarga mung mungsuh kethek.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Piwulang 6 - macapat

Kata Kunci : Dhandhanggula, wonten malih tuladhan prayogi

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13.6

-----------------------------

Semoga membantu.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh NoviaLailaAnggraini dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Wed, 30 Jun 21