Candhi PrambananCandhi Prambanan iki patilasan kuna. Digawe udakara tahun 850

Berikut ini adalah pertanyaan dari sputri51661 pada mata pelajaran B. Daerah untuk jenjang Sekolah Menengah Atas

Candhi PrambananCandhi Prambanan iki patilasan kuna. Digawe udakara tahun 850 Masehi, jamane Prabu
Rakai Pikatan ing Mataram Kuna. Candhi iki uga diarani Candhi Rara Jonggrang. Candhi
Prambanan mujudake candhi Hindhu paling gedhe ing Indonesia. Dununge ana ing Desa
Bokoharjo, Kecamatan Prambanan, Kabupaten Sleman. Kurang luwih pitulas kilometer saka
punjering Kutha Ngayogyakarta.
Candhi Prambanan kadadean saka pirang-pirang candhi. Candhi sing gedhe dewe yaiku
candhi Siwa. Candhi Siwa diapit candhi loro sing luwih cilik yaiku Candhi Wisnu lan Candhi
Brahma. Candhi telu iku diarani candhi trimurti sing tegese telung wujud, yaiku Siwa, Wisnu, lan
Brahma. Urut mubeng sikile Candhi Siwa diukir-ukir wujud relief apik banget. Relief iku
nyritakake crita Ramayana, yaiku critane Prabu Rama lan Dewi Shinta.
Candi Prambanan kalebu situs warisan dunia UNESCO. Candi Prambanan dadi bukti
dhuwuring bangsa Indonesia. Leluhur kita pancen sregep makarya. Kelakon gawe candhi sing
apik tur gedhe banget. Mangka jaman semana durung ana piranti modheren kaya jaman saiki.
Kabeh mau ditandangi kanthi gotong royong lan guyup rukun.
a.
1. Apa irah-irahan wacan kasebut?
Candhi Prambanan
b. Candhi Siwa
C. Candhi Wisnu
d. Candi Brahma
2. Candhi Prambanan iki patilasan kuna.
Tegese tembung sing dicithak kandel, yaiku....
a. Papan sing tau dienggoni dening sawijining wong
b. Papan sing tau dibangun dening sawijining wong
c. Papan kanggo ngibadah sawijining wong
d. Papan kanggo mertapa sawijining wong
3. Candhi sing paling gedhe ing Candhi Prambanan, yaiku...
a. Candhi trimurti
b. Candhi Siwa
C. Candhi Wisnu
d. Candi Brahma​

Jawaban dan Penjelasan

Berikut ini adalah pilihan jawaban terbaik dari pertanyaan diatas.

Jawaban:

1. A. Candhi Prambanan

2. D. Papan kanggo mertapa sawijining wong

3. B. Candhi Siwa

Penjelasan:

1. Irah-irahan=judul.

2. Patilasan=papan tilas kraton, pratapan, lsp.

3. Candhi sing gedhe dewe yaiku candhi Siwa.

Semoga dengan pertanyaan yang sudah terjawab oleh anitaretnomulat dapat membantu memudahkan mengerjakan soal, tugas dan PR sekolah kalian.

Apabila terdapat kesalahan dalam mengerjakan soal, silahkan koreksi jawaban dengan mengirimkan email ke yomemimo.com melalui halaman Contact

Last Update: Mon, 05 Jul 21